Bedhaya Semang
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bedhaya Semang inggih punika beksa ingkang bineksan déning pambeksa putri cacah sanga. Cacah menika dados pralambang arah angin, arah kadudukan bintang-bintang (planèt-planèt) wonten saindenging jagad, lan lambang bolongan hawa manungsa (babadan hawa sanga) -- bolongan irung cacah kalih, bolongan mripat cacah kalih, bolongan talingan cacah kalih, bolongan tutuk cacah setunggal, bolongan ngurat cacah setunggal, lan bolongan dubur cacah setunggal. Bedhaya punika dipun yasa kanggé nggambaraken pagesangan para déwa nalika damel pitung widadari ingkang ngubengi Suralaya.
Beksan punika dipun yasa ing wekdal pamarèntahanipun Sultan Agung ing Karajan Mataram. Sultan Hamengku Buwana I ngyasa beksan Bedhaya ingkang kaparingan nama Bedhaya Semang. Tembung semang ngemu teges kuwatos, was-was, utawi mangu-mangu. Babagan punika wonten gegayutanipun kaliyan raos samar wonten ing manahipun Panembahan Sénapati nalika Ratu Kidul manggihi panjenenganipun ingkang nembé semèdi lan mitontonaken beksan dhumateng Panembahan Sénapati. Pambeksa bedhaya cacah sanga kasebat nggadhahi peran piyambak-piyambak, nanging ngagem riasan ingkang sami amargi dados pralambang bilih saben tiyang ingkang lair wonten jagad menika nggadhahi wujud lan kawontenan ingkang sami. Wonten ing pagelaran beksan bedhaya ingkang dados paraga utami inggih punika batak lan endhel ingkang dados pralambang paprangan akal lan pikiran jiwa manungsa kaliyan nepsu manungsa. Paraga sanèsipun inggih menika jangga (gulu), apit ngajeng, apet wingking, dhadha, endhel wedalan ngajeng, endhel wedalan wingking lan buntil.