Bancakan Weton
From Wikipedia, the free encyclopedia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bancakan Weton suraosipun inggih punika wilujengan ingkang dipunwontenaken ing dinten lair, asalipun saking tembung bancakan kaliyan tembung weton. Bancakan inggih punika pèngetan utawi ing basa Indonésianipun selamatan, weton inggih punika dinten lair ingkang tumuju ing Sistem pananggalan Jawi, ingkang cacahipun wonten 5 dinten pasaran: (pon, paing, wagé, kliwon, lan legi).[1]
Tradhisi Jawi, taksih mrayogikaken sadaya tiyang dipundamelaken bancakan weton setaun sapisan utawi 35 dinten sapisan utawi sabotenipun sapisan ing salawasipun gesang. Nanging, saupami punika lajeng dipunbetahaken sanget, amargi sedhèrèkipun pikantuk sambékala ing salebeting gesangipun utawi watakipun sampun boten mranani, supados dipundamelaken wilujengan ing dalem 7 dinten ingkang boten pedhot-pedhot utawi teras ing dalem salebeting 8 wulan. Mupangatipun bancakan weton punika kanggé ngunjukaken raos syokur kanggé ingkang sampun ngasuh kita. Masarakat Jawi, taksih pitados manawi tiyang-tiyang gadhah pamomongipun piyambak-piyambak. Pamomong inggih gadhah pakaryan mbimbing lan maringi kawruh kanggé sadaya tiyang supados boten lepat anggènipun niti gesang ingkang saged dados reridu dhumateng piyambakipun.
Antawisipun pamomong kaliyan ingkang dipunemong raket sanget dados kakiyatan ingkang sami narik ingkang suraosipun punika pamomong mbujuk ing dalem budi ingkang saé, nanging ingkang dipunemong péngin nindakaken budi ingkang awis lan sampun boten nindaki aturan-aturan ingkang sampun wonten ing tata pakerti ing masarakat, saéngga saged damel masarakat punika ajrih utawi boten tenang. Ing titi wancinipun, pamomong inggih kalah kaliyan ingkang dipunemong salajengipun pamomong boten kersa malih ngaturaken pepènget. Nènèk moyang taksih pitados manawi kedadèyan sapunika dipunjalari tiyang-tiyang punika boten ngawontenaken bancakan weton ingkang gadhah makna lintu nyelarasaken antawisipun lair kaliyan batin.
Saben putra ingkang nembé lair, dipunwontenaken bancakan weton ingkang sapisan nalika putra umur 35 dinten utawi selapan dinten. Putra ingkang sampun biyasa dipunwontenaken bancakan weton kalih tiyang sepuhipun, langkung ngatos-atos ing salebeting niti kagesangan punika lan saged dipuntebihaken saking bebaya.
Piranti ingkang saged dipunsiyagakaken ing bancakan weton inggih punika, satunggal kalo sega tumpeng kaliyan lawuhipun, godhong-godhongan lan bumbu urap, setambir ingkang ngemot woh-wohan, jajan pasar lan téla/polo ingkang sampun dipungodhog, bubur cacahipun 7 warni, satunggal nampan ngemot 3 warni unjukan dan satunggal mangkok kembang setaman.
Pasa boten kedah ngentosi wulan ramadhan. Nanging ugi saged pasa senin-kemis, pasa ngrowot, pasa mutih, lan sapanunggalanipun boten kesupèn inggih pasa weton. Pasa weton inggih punika pasa ingkang dipuntindakaken ing dinten neptu utawi dinten lair ing sajeroning 3 dinten.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.