![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/39/ASIMO_4.28.11.jpg/640px-ASIMO_4.28.11.jpg&w=640&q=50)
Asimo
robot awujud manungsa kang diyasa dening Honda / From Wikipedia, the free encyclopedia
Asimo ASIMO (アシモ, ashimo?) inggih punika robot ingkang wujudipun kados manungsa ingkang dipundamel déning Honda. Asimo punika cekakan saking Advanced Step in Innovative MObility, . Robot punika inggilipun 130 cm, lan bobotipun 54 kg, wujudipun kados astronot ingkang beta tas ageng. Asimo saged mlampah piyambak nganggé suku kalih kados manungsa ngantos kecepatan 6 km/jam. Asimo dipundamel déning Pusat Penelitian lan Pengembangan Honda Pusat Penelitian Teknik Fundamental Wako ing Jepang. Model punika dados model ingkang nomer 11, awit dipunwiwiti proyek punika nalika proyek ASIMO warsa 1986.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/39/ASIMO_4.28.11.jpg/640px-ASIMO_4.28.11.jpg)
Robot ASIMO digarab awit 21 Oktober 2000, digawé kanggo robot sing dadi asisten multifungsi multifungsi [1].
Asma ASIMO punika boten saking namanipun panemu Tiga Hukum Robotik, Isaac Asimov. Sanes punika miturut basa Jepang, tembung ashimo saged ateges samparan (sikil) (saking basa Jepang "脚も").
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d9/Honda_ASIMO.jpg/640px-Honda_ASIMO.jpg)