From Wikipedia, the free encyclopedia
Honda Motor Company, Ltd. (Japanese: 本田技研工業株式会社 Honda Giken Kōgyō Kabushiki-gaisha?, Honda Technology Research Institute Company, Limited) pirengaken (pitulung·info) (TYO: 7267) inggih punika prodhusèn montor, trek, motor, lan skuter ingkang asalipun saking negri Jepang.[3] Honda wiwit wonten ing tanggal 24 September 1948, déning Soichiro Honda.[3] Honda dados prodhusen montor ingkang paling ageng sadonya wiwit taun 1959.[3] Honda ugi dados prodhusen mesin pembakaran dalam paling ageng sadonya kanthi prodhuksi langkung saking sekawan welas juta saben satunggal taun.[4]
Type | Perusahaan publik (TYO: 7267) & (NYSE: HMC) |
---|---|
Industry |
|
Founded | 24 September 1948 |
Founder |
|
Headquarters | Minato, Tokyo, Jepang |
Area served | Worldwide |
Key people |
|
Products | |
Revenue | US$ 120.27 Billion (FY 2009)[1] |
Operating income | US$ 2.34 Billion (FY 2009)[1] |
Net income | US$ 1.39 Billion (FY 2009)[1] |
Total assets | US$ 124.98 Billion (FY 2009)[1] |
Total equity | US$ 40.6 Billion (FY 2009)[1] |
Number of employees | 181,876[2] |
Subsidiaries |
|
Website | Honda Worldwide |
Honda sukses nggeser Nissan minangka prodhusen mobil paling ageng utawa kathah nomer kalih ing Jepang taun 2001.[5] Honda ugi suksès nggèsèr Chrysler supados dados prodhusèn mobil paling ageng nomer sekawan ing pasar Amérikah Sarékat.[6] Sapunika, Honda dados pabrikan mobil paling ageng nomer enem sadonya.[4] Taun 2004, Honda sampun mrodhuksi montor diesel, ingkang kaunggulanipun inggih punika boten mbetahaken saringan kanggé nglangkungi standar polusi.[4] Honda dados pabrikan Jepang ingkang wiwitan damel mobil mewah kanthi merek Acura kanggé mobil mewah ing Amérika Ler.[4] Kaunggulanipun prodhuk Honda inggih punika kiyat lan jarang risak.[4] Mligi ing Indonesia, prodhuk Honda ingkang palung misuwur utawi memasyarakat inggih punika prodhuk montor.[4] Kantor pusat Honda wonten ing Tokyo. Saham Honda dipunsade ing kathah bursa saham, kados Bursa Saham Tokyo, Bursa Saham New York, Osaka, Nagoya, Sapporo, Kyoto, Fukuoka, London, Paris, lan Switserlan.[4]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.