Ares
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ares (Yunani \bkuna\b: Ἄρης [árɛːs], Yunani modern: Άρης [ˈaris]) punika déwa perang wonten ing mitologi Yunani. Ares punika putra saking Zeus lan Hera lan kalebet ing 12 Déwa Olimpus. Kalih pengawal mliginipun inggih punika Fobos lan Deimos. Ares punika déwa ingkang "haus darah" lan dados gambaran rajapejah[1][2]. Ares gadhah kuwaos awit pirantos perang, panyerangan lan pertahanan kitha, njarah, sarta kuwantunanipun. Peksi hering lan anjing punika kéwan ingkang keramat kanggé Ares. Wonten ing Iliad, Ares medal kanthi diubengi manéka panjelmaan saking ngerinipun perang, nanging wonten ing Odyssey karakter Ares langkung "lunak"[3][4]. Ares ugi wonten gegayutanipun kaliyan pambangunan kutha Thebes. Ing mitologi Romawi Ares kawentar kanthi nama déwa Mars. Nama Mars punika dados salah satunggaling nama planit ingkang celak kaliyan bumi lan gadhah 2 satelit ingkang dipunparingi nama adhehshasar nama pengawalipun, Phobos lan Deimos. Nama wulan Maret punika kalebet persembahan kanggé Ares.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |