Alvin and the Chipmunks: Chipwrecked
From Wikipedia, the free encyclopedia
Alvin and the Chipmunks: Chipwrecked nggih punika filem komedi pangembaran saking Amérikah Sarékat taun 2011. Filem punika kaarahaken déning Mike Mitchell. Skénario kagem filem punika kaanggit déning Jonathan Aibel sesarengan Glenn Berger, Ross Bagdasarian, lan Janice Karman. Wondéné Janice karman lan Ross Bagdasarian ngayahi jejibahan minangka juru damel filem. Tanggel jawab musik kalampahi déning Mark Mothersbaugh, lan sinematografi dipuncakaken déning THomas Ackerman. Juru paraga ingkang kadhapuk sami maragani filem punika antawisipun Jason Lee, David Cross, lan Jenny Slate. Wondéné panyulih suwanten kapasrahaken dhumateng Justin Long, Matthew Gray Gubler, Jesse McCartney, Amy Poehler, Anna Faris lan Christina Applegate. Filem punika dipundum déning 20th Century Fox. Filem punika kadamel minangka sekuel saking film Chipmunks 2007 dan 2009, lan kababar ing surya 16 Desember 2011.
Alvin and the Chipmunks: Chipwrecked | |
---|---|
Barkas:Alvin and the Chipmunks 3 teaser.jpg Promotional Poster | |
Disutradarani | Mike Mitchell |
Diprodhuseri | Janice Karman Ross Bagdasarian |
Ditulis déning | Jonathan Aibel Glenn Berger Characters: Ross Bagdasarian Janice Karman |
Dibintangi | Jason Lee David Cross Jenny Slate Justin Long Matthew Gray Gubler Jesse McCartney Amy Poehler Anna Faris Christina Applegate |
Dimusiki | Mark Mothersbaugh |
Sinématografi | Thomas Ackerman |
Dibesut déning | Peter Amundson |
Perusahaan prodhuksi | |
Dibabar déning | 20th Century Fox |
Tanggal metu |
|
Suwéné | 87 menit[1] |
Nagara | Amérika Sarékat |
Basa | Bahasa Inggris |
Rantaman | $80 million[2] |
Kalarisan | $333,562,276 [3] |
Wonten Indonesia, filem punika dipunsulih suwanten ing abasa Indonesia, lan kagiyaraken wonten RCTI lan Global TV.