Apokat
From Wikipedia, the free encyclopedia
Apokat, alpukat, utawa jeneng Latiné Persea americana[1] iku tetuwuhan pangasil woh méja kanthi jeneng padha. Tetuwuhan iki asalé saka Mèksiko lan Amérika Tengah. Saiki akèh dibudidayakaké ing Amérika Kidul lan Amérika Tengah minangka tuwuhan pakebonan monokultur lan minangka tuwuhan pekarangan ing laladan-laladan tropika liyané ing donya. Apokat iki bisa ditemoni ing ngendi waé ing Pulo Jawa.
Apokat | |
---|---|
Woh apokat | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Laurales |
Famili: | Lauraceae |
Génus: | Persea |
Spésies: | P. americana |
Jeneng binomial | |
Persea americana Mill. | |
Wité kanthi dhuwur batang bisa nganti 20 m lan godhongé dawané 12 nganti 25 cm. Kembangé ndhelik kanthi warna ijo semu kuning lan ukuranné 5 nganti 10 milimeter. Ukuran wohé variasi saka 7 nganti 20 sentimeter, kanthi massa 100 nganti 1000 gram; wiji kang gedhé, 5 nganti 6,4 sentimeter.
Wohé wujudé kaya jambu, seukuran kepelan tangan, kelir kulité lumrahé ijo tuwa uga ana kang rada ireng. Woh iki kanggo bahan wédangan dadi ora dipangan langsung. Nèk digawé wédangan kudu diwèhi gula mèn legi uga umum dicampur susu. Sing dipangan iku dagingé kang keliré ijo enom. Apokat kang wis mateng dagingé rada lembèk.