Jambu utawa ing basa krama mau jambet yaiku arané wit lan wohé sing godhongé lonjong, akèh pangé lan dhuwuré nganti 10 mèter.[1] Jinisé jambu iku paling sethithik ana telu: jambu banyu, jambu kluthuk, lan jambu ménté utawa jambu ból (Anacandiumn occidentale).[1] Jambu banyu utawa jambu wèr ing basa inggris mau Eugenid aquea iku dhapuré mèh kaya bèl uga rasané legi.[1] Warnané yèn isih enom putih utawa ijo, lan yèn wis mateng bisa uga putéh, ijo, kunéng, jambón, utawa abang.[1] Dhagingé akèh banyuné.[1] Néng njero dhaging lumrahé ana wiji lan hówó, béda karo jambu kluthuk (jambu watu) sing tengahé padhet uga akèh isiné basa latiné Psidium gunjava.[1]
Jambu ból padha karo jambu banyu dhapuré, nanging pucuké ketambahan kacang ménté, ing basa Indonésia sok diarani [[jambu monyet amargi wujudé kaya kethèk.[1] Jambu bisa digawé setup utawa asinan.[2]
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah ...
Tutup
![](//upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/4a/Commons-logo.svg/30px-Commons-logo.svg.png) |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Jambu. |