Kuran
kitab suci tiyang islam / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kuran, Al-Qur'an utawa Qur'an (Basa Arab: القرآن) punika kitab sucinipun agama Islam. Umat Islam pitados bilih Kuran punika pucuk lan panutuping wahyu Allah kanggé manungsa. Piwulang punika dipunwulangaken marang Muhammad kanthi lantaran Malaékat Jibril.
Sunyata Rikat
|
Tutup
Manawi dipunrunut saking ngèlmu basa, Kuran punika tegesipun "wewacan" utawi "kang diwaca bola-bali." Ukara punika saking qara'a (قر أ) ingkang tegesipun "maca". Panggianing ukara punika saged dipunmangertosi ing ayat 17 lan 18 Surat Al-Qiyaamah.