![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/c8/Syria_adm_location_map.svg/langjv-640px-Syria_adm_location_map.svg.png&w=640&q=50)
Al-Hasakah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Al-Hasakah (Arab: الحسكة, Kurdhi: Hesîçe, Syriac: ܚܣܟܗ, salin aksara Ḥasake, Basa Turki: Haseke), uga dikenal mawa jeneng Al-Hasakeh, Al-Kasaka utawa mung Hasakah, ya iku kutha krajané Kagubernuran Al-Hasakah sing dumung ana ing puncit lor-wétané Suriah.[2] Al-Hasakah minangka salah sawijining kutha sing kalebu ing sepuluh kutha gedhé dhéwé ing Suriah, lan kutha gedhé dhéwé ing Kagubernuran Al-Hasakah, kanthi cacah wong 188.160 ing taun 2004. Kutha iki minangka punjer administratifé nahiyah (subdhistrik) sing dumadi saka 108 pomahan kanthi gunggung cacah jiwa 251.570 wong ing taun 2004.[1]
al-Hasakah الحسكة | |
---|---|
Kutha | |
Page Modhul:Location map/styles.css has no content.Location of al-Hasakah in Syria | |
Koordhinat: 36.507867°N 40.7462671°E / 36.507867; 40.7462671 | |
Nagara | ![]() |
Kagubernuran Suriah | al-Hasakah |
Dhistrik ing Suriah | al-Hasakah |
Subdhistrik | al-Hasakah |
Élepasi | 300 m (1,000 ft) |
Cacah warga (2004)[1] | 188,160 |
• Métro | 251,570 |
Zona wektu | EET (UTC+2) |
• Usum panas (DST) | EEST (UTC+3) |
Kodhe laladan | +963 52 |
Geocode | C4360 |
Populasiné Al-Hasakah dumadi saka manéka warna golongan ètnis, kaya ta wong Kurdhi, wong Arab, lan wong Suryani uga ana sawenèh wong Armènia.[3][4] Kali Khabur mili ngliwati kutha Al-Hasakah lan wewengkon liyané ing kagubernuran Al-Hasakah.
Kutha Al-Hasakah prenahé 80 kilometres (50 miles) sakidulé kutha Qamishli, tapal watesé Turki. Kali Khabur, anak kali saka Kali Euphrates mili satengahing kutha, downriver saka Ras al-Ayn, kutah tapal wates liyané. Kali Jaghjagh mili marang Kali Khabur ing Al-Hasakah.