Kabupaten Bekasi

kabupaten nang propinsi Jawa Barat, Indonesia From Wikipedia, the free encyclopedia

Kabupaten Bekasi
Remove ads

Kabupaten Bekasi, kuwe salah siji kabupaten nang Propinsi Jawa Barat, Indonesia. Ibukotane yakuwe Cikarang. Kabupaten kiye anane persis nang sisi wetane Jakarta, jejeran karo Kota Bekasi lan Propinsi DKI Jakarta nang kulon, Laut Jawa nang kulon lan lor, Kabupaten Karawang nang wetan, lan Kabupaten Bogor nang kidul. Kabupaten Bekasi dibagi maring 23 kecamatan.

Sunyata Rikat
Remove ads
Thumb
Rumah tuan tanah yang dibangun tahun 1760 (foto diambil tahun 1920-1935)
Remove ads

Sejarah

Dong jamane kolonial Belanda, Bekasi disebut Bekassie lan uwis dadi wilayah kabupaten sing anane nang Jatinegara. Seuwise kemerdekaan status kiye dikukuhna karo UU Nomor 14 Taun 1950 bab pembentukan Kabupaten Bekasi, sing wilayahe terdiri sekang papat kewedanaan, 13 kecamatan lan 95 desa. Dong taun 1960 kantor Kabupaten Bekasi pindah sekang Jatinegara maring kota Bekasi (Jl. Ir. H Juanda), sing sidane dong taun 1982 gedung perkantoran Pemda Kabupaten Bekasi dipindahna maning maring Jl. Ahmad Yani, Bekasi. Molai taun 2004, Pemerintahan Kabupaten Bekasi dipindahna maring Cikarang Pusat, Kota Deltamas sing tujuane nggo ngratakna pembangunan nang daerah wetan Bekasi.

Remove ads

Pemerentahan

Kabupaten Bekasi dipimpin nang bupati H. Sa'duddin lan wakil bupati Darip Mulyana sing dicalona nang fraksi PKS, sing nyekel pemerentahan wiwit taun 2007. Perwakilan nang DPRD Kabupaten Bekasi terdiri sekang 50 wong, sing komposisine sekang hasil Pemilu Legislatif 2009 yakuwe: Partai Demokrat sanga korsi, Partai Golkar wolu korsi, PKS wolu korsi, PDIP pitu korsi, PPP papat korsi, PAN papat korsi, PKB telu korsi, PBB loro korsi, Partai Hanura loro korsi, lan Partai Gerindra siji korsi. Rolas nang antarane yakuwe anggota sekang periode sedurunge.[3]

Remove ads

Transportasi

Bekasi kuwe kawasan pertumbuhan Jakarta, lan dadi bagiyan sekang kawasan Jabotabek (sing sekiye dadi Jabodetabek). Bekasi dilintasi ruas jalan tol Jakarta-Cikampek lan jalur sepur Jakarta-Surabaya. KRL Jakarta-Bekasi mung disediakna gutul kawasan Bekasi barat.

Perekonomian

Perekonomian Kabupaten Bekasi ditopang nang sektor pertanian, perdagangan lan perindustrian. Akeh industri manufaktur sing ana nang Bekasi, nang antarane yakuwe kawasan industri Jababeka<rev>Situs Jababeka</rev>, Greenland International Industrial Center (GIIC), Kota Deltamas, EJIP, Delta Silicon, MM2100, BIIE lan liya-liyane. Kawasan-kawasan industri kuwe sekiye digabung dadi Zona Ekonomi Internasional (ZONI) sing duwe fasilitas khusus nang bidang perpajakan, infrastruktur, keamanan lan fiskal.

Remove ads

Pertambangan

  1. Minyak bumi. Sumur minyak bumi sing uwis dieksplorasi ana nang Bekasi bagiyan lor. Salah sijine ana nang Babelan,Gabus, Muaragembong, Cabangbungin.
  2. Gas alam. Gas alam ana nang Bekasi bagiyan kidul. Sumur gas sing uwis molai produksi ana nang Jatirarangon.
Thumb
Kantor Pemkab Bekasi lan Sumur gas Jatirarangon

Catatan kaki

Pranala jaba

Loading content...
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads