Jerman

From Wikipedia, the free encyclopedia

Jerman

Jerman (basa Jerman: Deutschland) iku sawijining negara gedhé ing Eropah. Ibukuthané Berlin. Pedunungé ana kurang luwih 80.781.000 jiwa (2013)[1]. Negara iki minangka negara kanthi posisi ekonomi lan pulitik sing wigati ing Eropah lan sacara winates ing tataran donya. Jerman dikenal ing babagan panguwasan teknologi maju, khususé jroning industri kendaraan bermotor lan alat-alat presisi.

Bundesrepublik Deutschland
ThumbThumb
(Bendera Jerman)
Nasional Hymne: Einigkeit und Recht und Freiheit
(basa Jawa: Persatuwan lan Keadilan lan Kebebasan)
Thumb
Basa resmiBasa Jerman
Ibu kuthaBerlin
Kutha paling gedhéBerlin
KanselirAngela Merkel (CDU)
Wakil Kanselir
PresidenFrank-Walter Steinmeier
Wilayah
- Total
- % air
Urutan ke-62
357.385,71 km²
2,416%
Pedunung
- Total (2004)
- Kepadatan penduduk
Urutan ke-13
82.495.000
242/km²
Pambentukan
Manunggal


Prajanjian Verdun (843)
18 Januari 1871
23 Mei 1949
3 Oktober 1990
PDB
- Total (2003)
- PDB/kapita
Urutan ke-3
$2,271 trilyun
$27.600
ValutaEuro (€)1
Zona wektu
- yèn musim panas
CET (UTC+1)
CEST (UTC+2)
Lagu kabangsanDas Lied der Deutschen
TLD.de
Kodhe télépon+49

1 Sebelum 2002: Deutsche Mark.

Wilayah lan pamérangan administrasi

Thumb
Pamérangan administratif Republik Federal Jerman.

Negara kanthi sajarah sing dawa iki wewatesan langsung karo sangang negara. Ing sisih kulon wewatesan karo Walanda, Belgia, Luksemburg, lan Prancis. Ing sisih kidul wewatesan karo Swiss lan Austria. Ing sisih wétan wewatesan karo Ceko lan Polandia. Ing sisih lor wewatesan karo Denmark.

Thumb

Sacara administrasi, Jerman iku negara federasi (Bund) kanthi 13 negara bagéan (Bundesland) lan telu kutha satingkat negara bagéan (Bundesstadt). Negara-negara bagéan modhèrn sing ana saiki (pirsani daftar negara bagéan) diwangun wiwit pungkasan Perang Donya II. Sadurungé, pamérangan isih mèlu garis kapemilikan feodalistik, minangka peninggalan jaman Kekaisaran Jerman.

Referensi

Uga delengen

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.