Rambutan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Rambutan , Nephelium lappaceum kuwe wit sing mlebu nang famili Sapindaceae.[1] Wohé wit kuwe uga jenengé rambutan. Rambutan akèh ditemokna nang tlatah tropis, kayata Asia Tenggara, Asia Selatan, Afrika lan Amérika Selatan.[1]
?Rambutan | ||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Woh rambutan | ||||||||||||||
Status konservasi | ||||||||||||||
Risiko Rendah | ||||||||||||||
Klasifikasi ilmiah | ||||||||||||||
| ||||||||||||||
Jeneng binomial | ||||||||||||||
Nephelium lappaceum L. | ||||||||||||||
Nang Indonésia, rambutan sing misuwur asalé sekang Sumatra Lor, utamané sekang Binjai cedhak Medan.[1] Rambutan(Nephelium sp)kalebu tanduran woh hortikultural.[1] Rambutan nduwéni jeneng liya nang Bahasa Inggris yakuwe Hairy Fruit.[1] Rambutan kalebu woh-wohan asli Indonésia.[1] Nganti sekiye rambutan nyebar nang luar dhaerah sing iklimé tropis, kayata Filipina lan negara-negara nang Amérika Latin.[1] Rambutan ditemokna uga nang dhaérah sing nduwéni iklim sub-tropis.[1]
Wit rambutan dhuwuré teyeng nganti 20 meter lan nduwéni kenopi sing nggrembuyeng.[2] Wit rambutan kalebu wit sing gédhé lan cendhék .[2] Kulit wit lan pangé wernané soklat tuwa lan ana putih-putih cilik nang kulite.[2] Godhong rambutan ambuné rada wangi, godhongé rada lunyu lan nduwéni wulu sithik.[2]Kembang rambutan ana sing diarani kembang lanang lan kembang wédok.[2] Rambutan merlokna kéwan kaya srangga kanggo penyerbukan.[2] Woh rambutan bentuké bujur utawa lonjong meh bunder lan ukurané kurang luwih 5 cm.[2] Rambutan mateng kurang luwih 100 nganti 130 dina sawisé ngembang.[2]