![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/cc/Runny_hunny.jpg/640px-Runny_hunny.jpg&w=640&q=50)
Madu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Madu (basa Sansekreta: madhu), kuwe cairan legi kentel sing digawé déning tawon sekang sarine kembang-kembang sing uga diarani néktar.[1] Néktar kiye teyeng diowaih déning tawon-tawon dadi madu seuwisé ditambaih énzim-énzim. [1] Tawon kuwe biyasané nggawé omah ing wit-wit kang nggrembuyeng. [1]Madu rasané legi lan nyéhataké, amarga madu asalé saka kembang-kembang kang alami sing dipangan tawon. [1] Madu akèh banget mupangaté.[1] Kajaba kena kanggo unjukan, uga kena kanggo tetamba.[1] Yèn kanggo tetamba kudu milih madu sing asli. [1]Kanggo niténi madu kuwe asli apa palsu, carané gampang:
- Madu ditetesna maring kertas. Nek nganti dirubung semut, tegesé palsu.[1]
- Madu ing gendul, angger dikocok banjur munthuk, tegesé uga palsu.[1]
- Nyelupaké rek maring madu; nuli dijresaké. Angger esih teyeng murub, kuwe madu asli.[1] Nek ora murub tegesé uga palsu. [1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/cc/Runny_hunny.jpg/640px-Runny_hunny.jpg)