Kota Cimahi
kota nang propinsi Jawa Barat, Indonesia From Wikipedia, the free encyclopedia
kota nang propinsi Jawa Barat, Indonesia From Wikipedia, the free encyclopedia
Kota Cimahi kuwe salah siji kota nang Propinsi Jawa Barat, Indonesia. Kota kiye anane nang sisi kulone Kota Bandung. Cimahi gemiyen kuwe bagiyan sekang Kabupaten Bandung, sing banjur ditetepna dadi kota administratif dong tanggal 29 Januari 1976. Tanggal 21 Juni 2001, Cimahi ditetepna dadi kota otonom. Kota Cimahi kuwe dibagi maring 3 kecamatan, sing dibagi maning dadi 15 kelurahan.
Lambang {{{jeneng}}} Moto: Saluyu ngawangun jati mandiri
| |
Peta lokasi {{{jeneng}}} Koordinat: 6°53' LS 107°32' BT | |
Provinsi | Jawa Barat |
Dasar hukum | Undang Undang Republik Indonesia Nomor 9 Tahun 2001 |
Tanggal Peresmian | 21 Juni 2001 |
Pemerintahan | |
- Walikota | {{{jeneng kepala daerah}}} |
- DAU | Rp. 354.972.241.000,-[1] |
Luas | 48,42 km² |
Populasi | |
- Total | 483.000 (2003) |
- Kepadatan | 9.975 |
Demografi | |
- Kode area telepon | 022 |
Pembagian administratif | |
- Kecamatan | 3 |
- Kelurahan | 15 |
Simbol khas daerah | |
- Situs web | http://www.cimahikota.go.id |
Nang basa Sunda, tembung Cimahi artine "banyu sing cukup". Cimahi molai dikenal dong taun 1811, Gubernur Jenderal Herman Willem Daendels nggawe dalan Anyer-Panarukan. Taun 1874–1893, digawe dalan sepur Bandung-Cianjur sisan gawe karo nggawe Stasiun Cimahi. Taun 1886 dibangun pusat pendidikan militer karo fasilitas liyane kaya Rumah Sakit Dustira lan umah tahanan militer. Taun 1935, Cimahi ditetepna dadi kecamatan.
Seuwise kemerdekaan Indonesia, Cimahi dadi bagiyan sekang Kabupaten Bandung Utara. Taun 1962, dibentuk Kawedanaan Cimahi sing ngliputi Kecamatan Cimahi, Padalarang, Batujajar, lan Cipatat. Miturut PP Nomor 29 Taun 1975, Cimahi ditingkatna statuse dadi kota administratif tanggal 29 Januari 1976, lan dadi kota administratif pertama nang Jawa Barat. Molai 21 Juni 2001 statuse Cimahi dadi kota.
Sekiye Cimahi dadi salah siji kawasan pertumbuhan Kota Bandung nang sisi kulon. Jumlah pedununge sekiye antarane 483.000 jiwa, ningkat sekang 290.000 dong taun 1990 dadi rata-rata tuwuh 2,12% per taun.
Kota Cimahi olih julukan dadi "Kota Tentara" jalaran nang kota kiye akeh pusat pendidikan kanggo tentara, nang antarane yakuwe:
durung maning akeh markas-markas tentara sing ana nang kana, kaya:
lan esih akeh maning, ditambah asrama militer sing jumlaeh ya akeh banget. Kurang-lewih setikar 60% wilayah Kota Cimahi digunakna nang tentara. Ningen kahanan kuwe uga marekna situasi sing angel nggo pemerentah Kota Cimahi. Kiye jalaran lemah lan bangunan sing dienggo nang militer kuwe ora pajak bumi lan bangunane (PBB), dadine pemerentah kota ora olih masukan sekang sebagian besar wilayahe.
Wiwit tanggal 10 November 2006, sing bareng karo pengetan Dina Pahlawan, sepuluh dalan nang Kota Cimahi diowahi jenenge dadi jeneng pahlawan sekang Kota Cimahi. Kasepuluh dalan kuwe:
Sedurunge | Jeneng anyar |
---|---|
Jalan Cihanjuang | Jalan Daeng Muhammad Ardiwinata |
Jalan Cibeureum - Alun-alun - Padasuka ( Jl. Raya Cimahi ) | Jalan Jend. H. Amirmachmud |
Jalan Babakan | Jalan M.K Wiganda Sasmita |
Jalan Pasar Atas | Jalan Dra. Hj. Julaeha Karmita |
Jalan SMP | Jalan Rd. Embang Artawidjaja |
Jalan Cisangkan Hilir | Jalan KH. Usman Dhamiri |
Jalan Akses Tol Baros | Jalan H. M. S. Mintaredja, S.H. |
Jalan Balai Kota Cimahi | Jalan Rd. Demang Hardjakusumah |
Jalan Citeureup | Jalan Encep Kartawiria |
Jalan Cimindi-Leuwigajah | Jalan Mahar Martanegara |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.