From Wikipedia, the free encyclopedia
ÆON Co., Ltd. (イオン株式会社 Ion kabushiki gaisha?) sing umume ditulis AEON Co., Ltd. yaiku perusahaan induk multinasional Jepang, ÆON Group. Kantor pusaté ana ing Mihama-ku, Chiba, Prefektur Chiba.[1]
Native name | イオン株式会社 |
---|---|
Romanized name | Ion kabushiki gaisha |
Formerly |
|
Type | Publik (Kabushiki gaisha) |
Traded as |
|
Industry | Ritel |
Founded | 1758 (Shinoharaya, banjur Okadaya) ing Yokkaichi |
Headquarters | ÆON Tower, Mihama-ku, Chiba, Jepang, Jepang |
Area served | Asia |
Services |
|
Subsidiaries |
|
Iku ngoperasikake kabeh Toko AEON Retail (sadurunge dikenal supermarket JUSCO) langsung ing Jepang. Sauntara kuwi, AEON CO. (M) BHD ngoperasikake kabeh Toko AEON Retail langsung ing Malaysia.
AEON minangka ritel paling gedhe ing Asia.[2] AEON minangka jaringan ritel sing dumadi saka 300 anak perusahaan gabungan lan 26 perusahaan afiliasi metode ekuitas. Iku kalebu saka toko kelontong "Ministop" lan supermarket nganti mal lan toko khusus, kalebu duwe jaringan Amerika Talbots. AEON minangka pangembang lan operator mal paling gedhe ing Jepang.
Jeneng AEON minangka transliterasi saka tembung Basa Yunani Koine ὁ αἰών (ho aion), saka tembung kuna αἰϝών (aiwon). Jeneng lan simbolisme sing digunakake ing merek kasebut nuduhake sifat langgeng perusahaan kasebut.[3]
Perusahaan iku resmi didegaké ing September 1926 minangka Okadaya (didegaké taun 1758). Ing taun 1970, Okadaya gabung karo Futagi lan Shiro kanggo mbentuk JUSCO Co., Ltd. Karyawan kasebut milih kanggo jeneng perusahaan kasebut "Japan United Stores Company".
Ing 21 Agustus 2001, perusahaan kasebut dadi AEON Co., Ltd.
Ing 21 Agustus 2008, struktur perusahaan diganti. AEON Co., Ltd. dadi perusahaan induk nalika AEON Retail Co., Ltd. njupuk alih operasi ritel sing biyen dicekel AEON Co., Ltd.[1]
Wiwit 1 Maret 2011, kabeh toko JUSCO lan Saty ing sangisore payung AEON ing Jepang resmi ganti jeneng dadi AEON, dene kabeh toko lan pusat blanja JUSCO ing Malaysia kabeh ganti merek dadi AEON wiwit Maret 2012. Nanging, toko JUSCO isih beroperasi ing wilayah China lan sawetara liyane.
Ing November 2012, AEON akusisi operasi Carrefour Malaysia kanthi regane perusahaan €250 yuta.[4] Kabeh hypermarket lan supermarket Carrefour ing Malaysia banjur ganti jeneng dadi AEON BiG.[5] Akuisisi Carrefour Malaysia ndadekake AEON minangka ritel paling gedhe nomer loro ing Malaysia, sing nggabungake dodolan saka toko AEON Ritail (sadurunge dikenal minangka JUSCO) lan bekas toko Carrefour.[6] Sawise akuisisi, wakil presiden bisnis AEON ASEAN ujar manawa raksasa ritel kasebut target kanggo mbukak 100 toko ing macem-macem format ing negara kasebut ing taun 2020.[7]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.