Yeot
From Wikipedia, the free encyclopedia
Yeot (엿) ya iku jinis permen lan pemanis tradhisional kas Koréa kang biyasa dilapisake ing bahan roti-roti.[1] Yeot kira-kira wis digawé déning masarakat Koréa kawit jaman kuna.[1][2] Wong Koréa nggunakaké yeot minangka pemanis lan minangka panganan entheng, lan jajanan kang biyasa diwènèhake simbah kakung lan simbah putri marang putu-putune.[1] Yeot misuwur minangka manisan kang diwènèhake marang pelajar kang mèlu ujian.[1] Ing basa Koréa, ana istilah "kanthil karo ujian", mula pelajar ing Koréa bakal diwènèhi permen yeot kang kanthil supaya padha lulus ujian.[1] Mula nalika mangsa ujian, akèh wong kang dodolan yeot ing dalanan.[1]

Carane gawé
Nalika gawé, yeot racaké digawé saka beras kang difermentasekake.[1] Carane sega kang wis dimasak, dicampurake karo glepung ragi, digodhog, disaring nganggo saringan.[1] Banyu godhogan asil saringan bakal digodhog manèh kang suwéné sewengi lan ngasilaké sari beras kang legi lan kenthel kang diarani mullyeot (sirup yeot) utawa jocheong.[1] Yèn jocheong dimasak manèh nganti suwé, bakal dadi atos lan mbentuk manisan kang diarani permen.[1]
Jinis
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.