Wong Zhuang

From Wikipedia, the free encyclopedia

Wong Zhuang
Remove ads

Suku Zhuang (ingbasa Zhuang: Bouчcueŋь / Bouxcuengh (diucapake shung bou); ing basa Thai: จ้วง ผู้ (diucapkan Poo Chuang) Tionghoa: 壮族; Cina tradhisional: 壮族; pinyin: Zhuàngzú) iku kelompok ètnis kang akèh manggon ing Panggon Otonomi Guangxi Zhuang ing Cina kidul. Saliyané ing kono ana uga kang mapan ing Yunnan, Guangdong, Guizhou lan provinsi Hunan. Suku iki kalebu 56 suku kang resmi ing Républik Rakyat Cina. Cacahe wong SUku Zhuang kurang luwih ana 18 yut wong. Cacahe wong suku Zhuang iki nomer loro sawisé Suku Han. Iki kang ndadèkaké suku Zhuang dadi minoritas kang gedhé dhéwé ing Cina.

Sunyata Rikat Gunggung cacah jiwa, Tlatah mawa cacah jiwa akèh ...

Jeneng Zhuang (Rao) ditulis 獞. Nanging, karakter iki uga diangep padha karo asu liyar, amarga iku dianggep masalah etnik. Ing taun 1949, "kéwan" radikal diganti karo "manungsa" radikal, lan karakter dadi 童. Banjur, karakter iki diganti dadi 壮, karakter iku tegesé kuwat.[1]

Sadurungé dijenengi Zhuang denign pamaréntah Cina taun 1965, ana akèh aran kanggo suku iki. Jeneng liya kanggo Zhuang ya iku: Buzhuang, Butu, Buliao, Buyayi, ing Yunnan Zhuang diarani Nongren, Sharen, Tuliao lsp. Kira-kira ana 20 aran kanggo suku iki. Wiwitane wong suku Zhuang akèh kang urip ing Lingnan. Jaman pre-Qin (220 SM) mbah buyut suku Zhuang yang asalé saka wong Luoyue dan Xiou ing Baiyue, Cina Kidul.[2]

Remove ads

Wong kang misuwur ing Suku Zhuang

  • Huang Xianfan, sejarawan Cina, etnologis, pendhidhik
  • Li Ning, pesenam Cina lan pengusaha
  • Shi Dakai, pemimpin Taiping
  • Nong Zhigao, pemimpin Zhuang
  • Xianzi, musisi pop

Cathetan sikil

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads