From Wikipedia, the free encyclopedia
The Virgin inggih punika salah satunggalipun duo-band Indonésia ingkang anggotanipun Mita (gitar) lan Dara (vokal).[1] Grup musik punika dumadi ing pungkasanipun taun 2008 ing sangandhapipun manajemen ingkang dipunpandhegani déning Ahmad Dhani.[1] Singel ingkang sepisanan kanthi irah-irahan "Cinta Terlarang" dipunrilis ing taun 2009.[1][2]
The Virgin | ||
---|---|---|
Latar wuri | ||
Lair | Jakarta, Indonésia | |
Jinis Musik | Pop rock, Dangdut | |
Instrumen | Gitar, vokal, Piano, Keytaris, Drum | |
Taun aktif | 2008-sapunika | |
Parusahan rekaman | Swaradewanaga, Nagaswara, Republik Cinta Records | |
Hubungan | ||
Diprabawani déning | Aly & AJ | |
Situs resmi | http://www.thevirgin.tk, http://www.thevirginband.com, http://fans-the-virgin.blogspot.com | |
Anggota | ||
Happy Pramita Dara Rizki Ruhiana |
The Virgin kawujudaken saking ide musisi ageng Déwa 19, Ahmad Dhani.[2] Dipunwiwiti saking lagu "Cinta Terlarang" ingkang dipunripta déning Cameria Happy Pramita, salah satunggalipun gitaris èstri ing grup The Rock, ingkang dipunmirengaken déning Ahmad Dhani ing sasi Juni 2008.[2] Dhani remen kaliyan lagu kasebat lan gadhah ide badhé ngrekam lagu kasebat wonten ing satunggal album lan dipunnyanyikaken kanthi duo.[2] Dhani ingkang dados salah satunggalipun juri ajang pamadosan bakat Mamamia Show, lajeng remen kaliyan bakatipun Dara Rizky Ruhiana salah satunggalipun peserta ajang saking Tasikmalaya.[2] Nalika paring panyaruwe dhateng Dara, Dhani ngungelaken janji badhé mbekta Dara dhateng dapur rekaman manawi Dara gagal ing Mamamia.[2] Ing babak 10 ageng, pungkasanipun Dara palastra ing kontès wau.[2] Dhani lajeng netepi janjinipun lan nepangaken Dara dhateng Mita.[2] Pungkasanipun ing taun 2008, Dara lan Mita resmi damel duo The Virgin.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.