Tangga nada minor
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Sajeroning téyori musik, tangga nada minor utawa skala nada minor iku salah siji saka tangga nada diatonik. Tangga nada iki kasusun saka wolung not. Interval antara not kang urut-urutan ing tangga nada minor (asli) ya iku:
1, 1/2, 1, 1, 1/2, 1, 1
Contoné, tangga nada A minor iku:
A, B, C, D, E, F, G, A'
Tangga nada minor bisa dianggep mode musik kaenem sajeroning tangga nada mayor. Tangga nada minor kadhangkala dianggep duwé swara kang kapara luwih sedhih dibandingaké karo tangga nada mayor.
Remove ads
Tandha mula tangga nada minor
Tangga nada minor migunakaké tandha mula kang padha dengan tangga nada mayor; tanda mula kang sarujuk karo pola interval sawijining tangga nada minor alami dianggep tandha mula kanggo tangga nada minor mau. Tangga nada mayor lan minor kang duwé tandha mula padha karan relatif; dadi tangga nada C mayor minangka mayor relatif saka tangga nada A minor, lan tangga nada C minor dadi minor relatif saka tangga nada Es mayor.
Tangga nada mayor relatif saka sawijining tangga nada minor ditentokaké kanthi ngunggahaké nada tonika tangga nada minor mau sak nada lan sak seminada (telu setengah langkah), ya iku kanthi interval terts minor. Yèn tandha mula sawijining tangga nada, umpamané G mayor, dumadi saka siji kres, tangga nada minor relatifé, E minor, uga duwé siji kres minangka tandha mula.
Tabel ing ngisor iki nuduhaké jumlah tandha mula kanggo tangga nada minor lan tangga nada mayor relatifé.
Remove ads
Jinis tangga nada minor
Tangga nada minor melodi mudhun
Tangga nada minor melodhi mudhun dikasilaké mung saka kunci signature perbandhingan mayor, kadhangkala dikenali minangka natural minor. Tangga nada natural minor paling ringkes ya iku A natural minor:
A B C D E F G A'
Bab iki karan tangga nada minor melodhi mudhun amarga sok dipigunakaké kanthi mudhun saka tonik.
Tangga nada minor melodhi munggah
Tangga nada minor melodhi munggah diwangun kanthi ngundhakaké tangga nada not ka-6 lan ka-7 (utawa, ngratakaké tahap katelu saka tangga nada utama). Cara iki dipigunakaké, mligi, kanggo garis munggah.
Conto, sajeroning kunci A minor, melodhi tangga nada minor munggah:
A B C D E F# G# A'
Tangga nada minor harmonis
Minor harmonik diwangun kanthi ngunggahaké tangga nada minor ing not ka-7.
Conto, sajeroning tangga nada A minor, harmonik tangga nada minor ya iku:
A B C D E F G# A'
Tangga nada iki dipigunakaké kanggo ngasilaké harmoni amarga tangga nada mau ngandut kord dominan utama lan sub-dominan minor.
Remove ads
Uga delengen
- Mode musik
- Tangga nada minor asli
- Tangga nada minor melodis
- Tangga nada minor harmonis
- Tangga nada mayor
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads
