Tèknik sipil iku salah siji cabang ngèlmu tèhnik sing nyinaoni cara ngrancang, yasa, rénovasi ora mung gedhong lan infrastruktur, nanging uga nyakup lingkungan kanggo kamaslahatan urip manungsa.
Tèknik sipil duwé ruwang lingkup sing jembar, ing jeroné ana kawruh matématika, fisika, kimia, biologi, géologi, lingkungan nganti komputer. Tèknik sipil dikembangaké sairing karo tingkat kabutuhan manungsa lan solahbawané, saéngga bisa diarani yèn ngèlmu iki bisa ngowahi siji alas dadi kutha gedhé.
Struktural: Cabang sing nyinaoni masalah struktural saka matèri sing dipigunakaké kanggo pangyasa. Sawijining wujud yasan manawa digawé saka sawatara pilihan jinis material kaya waja, beton, kayu, kaca utawa bahan liyané. Saben bahan mau duwé karakteristik dhéwé-dhéwé. Èlmu babagan struktural nyinaoni sipat-sipat material iku saéngga wusanané bisa dipilih material endi sing cocog kanggo jinis yasan mau. Sajeroning babagan iki disinaoni luwih jero bab sing magepokan karo perencanaan struktur yasan, dalan, kreteg, trowongan saka pangyasa pondhasi nganti yasan siyap dipigunakaké.
Geotèknik: Cabang sing nyinaoni struktur lan sipat manéka jinis lemah kangggo nopang yasan sing bakal madeg ing dhuwuré. Cakupané bisa wujud investigasi lapangan sing awujud panyelidikan kaanan-kaanan lemah siji tlatah lan dikuwataké kanthi panyelidikan laboratorium.
Manajemen Konstruksi: Cabang sing nyinaoni masalah sajeroning proyèk konstruksi sing magepokan karo ékonomi, penjadwalan pagawéan, mbalèkaké modhal, béya proyèk, kabèh bab sing magepokan karo ukum lan idin yasan nganti pengorganisasian pagawéan ing lapangan saéngga yasan mau rampung tepat wektu.
Hidrologi: Cabang sing nyinaoni banyu, distribusi, pengendalian lan permasalahané. Nyakup babagan iki antarané cabang ngèlmu hidrologi banyu (gegandhèngan karo cuaca, curah udan, debit banyu siji kali lsp), hidrolika (sipat material banyu, tekanan banyu, gaya dorong banyu dsb) lan yasan banyu kaya palabuhan, irigasi, wadhuk/bendungan(dham), kanal.
Tèknik Lingkungan: Cabang sing nyinaoni permasalahan-permasalahan lan isu lingkungan. Nyakup babagan iki antarané panyadian sarana lan prasarana banyu resik, pengelolaan limbah lan banyu reged, pencemaran kali, polusi swara lan udara nganti tèhnik panyehatan.
Transportasi: Cabang sing nyinaoni sistem transportasi sajeroning perencanaan lan pelaksanaané. Nyakup babagan iki antarané konstruksi lan pengaturan dalan gedhé, konstruksi papan anggegana, terminal, stasiun lan manajemené.
Informatika Tèknik Sipil: Cabang anyar sing nyinaoni panerapan Komputer kanggo pétungan/pemodelan sawiji sistem sajeroning proyèk Pangyasa utawa Panelitèn. Nyakup babagan iki antarané pemodelan Struktur Yasan (Struktural saka Matèri utawa CAD), pemodelan owahan banyu lemah utawa limbah, pemodelan lingkungan nganggo Teknologi GIS (Geographic information system).
Prabédan saka arsitèk, arsitèk nyumbangaké rancangan, idhé, kamungkinan pelaksanaan pangyasa ing sadhuwuring kertas. Asil rancangan mau sabanjuré dipasrahaké marang staf ahli babagan tèhnik sipil kanggo pelaksanaan pangyasa. Tahapan iki, ahli tèhnik sipil ndandani /mènèhi saran saka pelaksanaan perencanaan, koordinasi sajeroning proyèk, ngamati proyèk supaya miturut rencana. Kajaba iku, ahli tèhnik sipil uga yasa konsèp finansial lan manajemen proyèk.
Ahli tèhnik sipil ora mung urusan karo pangyasa proyèk yasan, nanging ing babagan liya kaya sing magepokan karo informatika, kanggo memodelisasi siji wangun nganggo pitulung program CAD, pemodelan karusakan akibat lindhu, banjir. Bab iki wigati banget ing nagara maju minangka tolok ukur kelayakan pangyasa siji yasan vital sing duwé risiko bisa nyebabaé kurban manungsa kaya réaktor nuklir utawa bendungan, amarga anané kagagalan perencanaan tèknis. Rancangan yasan mau lumrahé dimodhèlaké nganggo komputer lan diwènèhi faktor-faktor ancaman yasan mau kaya ta lindhu lan keruntuhan struktur material. Peran ahli tèhnik sipil uga isih ana sanadyan fase pangyasa gedhong wis rampung, kaya ta ana ing babagan pangopènan fasilitas gedhong mau.