From Wikipedia, the free encyclopedia
Superman (Basa Indonesia: lelaki super) punika tokoh fiksi karakter superhero utawi pahlawan super ingkang paling kondhang lan gadhah prabawa saking panerbit komik DC Comics saking Amérika Sarékat. Superman kanthi wiyar sampun dipunanggep dados ikon budaya ingkang ngalmabangaken kakuwatan budaya Amérika Sarékat [1][2][3][4].
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Superman | ||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| ||||||||||
|
Wonten ing Basa Inggris, Superman ugi kawéntar minangka The Man of Steel (Manungsa Baja), The Man of Tomorrow (Pria masa depan), lan The Last Son of Krypton (Putra Terakhir Planet Krypton). Superman pikantuk jejuluk déning kanca pahlawan super sejawatipun kanthi jejuluk The Big Blue Boy Scout (Anak Pramuka Lelaki yang Biru Besar) [5].
Superman dipuncipta déning seniman Kanada, Joe Shuster, lan panyerat Amérika Sarékat, Jerry Siegel nalika taun 1932 nalika taksih enèm ing Cleveland, Ohio lajeng dipunsadé dhateng Detective Comics, Inc ing taun 1938. Superman medal kapisan wonten ing serial Komik Aksi edisi #1 ing Amérika Sarékat (30 Juni 1938). Lajeng medal ugi wonten ing serial drama radio, acara TV, filem layar lebar, ariwarta, komik, novèl, lan video dolanan abasa Inggris. Superman punika tokoh pahlawan super klasik ingkang taksih kondhang dumugi sapunika. Tokoh Superman medal kapisan wonten ing komik nalika taun 1938. Lajeng ing taun 1948 priyantun saking Planet Krypton punika medal wonten ing serial filem. Lajeng ing taun 1978 filem resmi Superman kapisan dipunrilis [6].
Nalika Jerry Siegel lan Joe Shuster kapisan damel Superman punika sanès manungsa super ingkang asring mbiyantu manungsa sanèsipun. Nanging dados psikopat botak jenius kanthi kakuwatan telepati ingkang péngin nguasani donya. Superman medal wonten ing carita cekak The Reign of the Super-Man" saking Science Fiction#3, satunggaling kalawarti ingkang dipunwedalaken déning Siegel ing taun 1933 [7]. Amargi boten laris karakter Superman Botak punika banjur dipunserat malih déning Siegel ing taun 1933 dados tokoh pahlawan sanès kaliyan karakter ala sadèrèngipun. Mendhet model saking aktor Douglas Fairbanks Sr lan alter egonipun Clark Kent, saking aktor komedi Harold Lloyd [8][9]. Superman botak lan gadhah sipat ala banjur dados mungsuh utama Superman kanthi nama Lex Luthor.
Superman punika karakter pahlawan super kapisan ingkang ngginakaken logo wonten ing dhadha. Rancangan karakter aslinipun boten ngginakaken logo, nanging amargi pangembangan jaman dados dipuntambah tanda " S ". Kanggé para panciptanipun, tandha " S " punika asalipun saking singkatan saking Shield (tameng). Wujud asli logoni[un punika nyonto saking lencana pulisi ing Amérika. Nanging sasampunipun Superman kondhang, logo punika langkung kawéntar kanthi sebatan The Knight Shield.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.