Slentho iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Piranti gamelan iki meh padha karo saron. Laras slentho ing ngisore demung dadi yèn dikelompo'ake ing kulawarga saron, slentho iki nduwé laras paling cendhek, kira-kira se oktaf ngisore saron demung.

     

Piranti iki saiki radha ora umum dienggo amarga akèh fungsine wis ana ing piranti slenthem, sing esih nganggo piranti iki racaké corak-corak gamelan kuna kayatha gamelan sekaten.

Wujud

Wujud slentho iki meh padha karo piranti saron racaké, nduwé 7 wilah, disoa'ke ing grobogan, bedane karo saron mung ing tengah wilah ana tonjolan sing mirib bonang.

Swara

Nada swara slentho mirib karo slenthem mung luwih banter/seru lan luwih cetha.

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.