Siti Hardijanti Rukmana
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Siti Hardijanti Rukmana, utawa kang asring diundang Mbak Tutut (lair 23 Januari 1949; umur 76 taun) iku putri pisananan saka Présidhèn kaloro Républik Indonésia (RI), Soeharto. Mbak Tutut lair tanggal 23 Januari, kang bareng karo tanggap warsané Présidhèn RI kaping papat, Megawati Soekarnoputri, kang uga putrine Présidhèn RI pertama, Soekarno.
Remove ads
Mbak Tutut iku lulusan saka SMA I Budi Utomo, Jakarta. Banjur nerusaké kuliah ing Universitas Trisakti, Jakarta.
Remove ads
Kulawarga
Mbak Tutut dhaup karo Indra Rukmana lan duwé anak telu, ya iku Dandy Nugroho Hendro Maryanto (Dandy), Danty Indriastuti Purnamasari (Danty), lan Danny Bimo Hendro Utomo (Danny).
Karier
Nalika taun 1980-an, Mbak Tutut dadi wong kang nggagas pisanan anané Kirab Remaja kang ngrembakakaké rasa tresna ing para remaja. Mbak Tutut uga tau dadi Mantri Sosial nalika Kabinet Pembangunan VII, yaiku kabinèt nalika papréntahan Soeharto kang pungkasan. Mbak Tutut uga nate dadi calon présidhèn lan juru kampanye Parté Karya Peduli Bangsa kang mèlu ing Pemilu 2004. Parte iki disengkuyung déning mantan pejabat-pejabat Orde Baru kang raket karo Soeharto, kaya Jénderal (Purn.) R. Hartono. Organisasi:
- Parte Karya Peduli Bangsa (PKPB)
- Ketuwa HIPSI (Himpunan Pekerja Sosial Indonésia)
- Ketuwa Umum PRSSNI (Persatuan Radio Siaran Swasta Nasional lndonesia)
- Ketuwa Umum PDDI (Perhimpunan Donor Darah Indonésia)
- Presidhèn FIODS (International Federation Blood Donor Organization)
- Ketuwa Yayasan Tiara Indah (Bhakti Nusantara Indah)
- Ketuwa Yayasan Tiara Indonésia (Kreativitas Pemuda dan Remaja Indonésia)
- Bendhahara Yayasan Dana Gotong Royong Kemanusiaan
- Ketuwa Yayasan KARANA
- Mantri Sosial Kabinet Pembangunan VII (14 Maret 1998-21 Mèi 1998)
Remove ads
Kasus
Tanggal 3 Fèbruari 2010 Mbak Tutut nggugat MNC ngenani kepemilikan.[1]
Namun 23 Agustus 2010 Mbak Tutut kalah ing pengadilan atas TUN dijabut.[2]
Tanggal 20 Oktober 2010 Mbak Tutut ngaincim pidana golongan MNC amarga jeneng perusahaan malih.[3]
Tanggal 14 April 2011 Mbak Tutut menangaké gugatan ing PN Jakarta Pusat marang golongan MNC amarga jeneng perusahaan sing ganti.[4]
Réferènsi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads