Sinusitis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sinusitis minangka lelara peradhangan ing dhaèrah sinus. Sinus minangka rongga kothong sing ana ing balung pipi (maxillary), ing bagean ngisor bathuk (frontal), bagean mburi rongga irung (sphenoid) sarta antaraning irung lan matang (ethnoid).[1] Nalika sinus bengkak, cuwèran ora bisa lumebu lan metu ing rongga kasebut sakèngga kadadean kabuntetan lan abuh.[2]
![]() | Wikipedia ora tanggung jawab lan ora bisa njamin yèn informasi kedhokteran sing kababar ing kaca iki bener. Mangga nyuwun panemu saka tenaga medhis sing kawogan sadurungé ngayahi pangobatan. |
Jalaran
Bedané karo pilek biasa ya kuwi pilek minangka kahanan irung kabuntetan lendhir lan amung kadadean 7-10 dina. Kanéka déné sinusitis kadadean ing wektu kang luwih suwé lan pratandha sing ditandhang luwih abot.[3]
Ana pirang-pirang perkara kang bisa njalari kadadean lelara iki ya kuwi:
Jinis
Lelara iki dipara miturut suwéné ya kuwi:
- Sinusitis akut. Jinis iki suwéné udakara 2-4 minggu.
- Sinusitis subakut. Jinis iki bisa kalangsung 4-12 minggu.
- Sinusitis kronis. Jinis infeksi iki bisa luwih saka 12 minggu lan ing kahanan tartamtu bisa pirang-pirang sasi lan mataun-taun.
- Sinusitis kumatan. jinis iki minangka jinis infèksi sinus ing kadadean pirang-pirang ing setaun.[4]
Pratandha
Ana pirang-pirang patandha nalika kena lelara iki ya kuwi:
Pratandha utama
- Rasa nyeri ing sinus (rongga rai)
- Buntet ing bolongan irung
- Irung ngetokaké lendhir kenthel werna kuning kaijonan[5]
- Ganggunan pakaryan irung minangka pangambu
Pratandha tambahan
- Mumet
- Watuk
- Kekeselen
- Nyeri ing kuping
Prathandha nalika wis komplikasi
Dhiagnosis

Dhokter racaké mrèksa panandhang saperlu nindakaké dhiagnosis kaya ta:
Èndhoskopi irung
Sawijining tabung tipis lan flèksibel kanthi cahya serat optik dilebokaké lewat bolongan irung kanggo ndelok struktur lan kahanan ing irung.
Studi pancitraan
Panggunanan MRI utawa CT Scan bisa ndelengi struktur sinus lan aréa irung kanthi setiti.
Kultur irung lan sinus
Tès laboratorium umumé ora dibutuhaké kanggo ndhiagnosis sinusitis akut ananging nalika kahanan ora sansaya apik, kultur jaringan ngrewangi mangertèni jalarané kaya ta baktèri.
Tès alergi
Menawa dicubriyani tuwuhing sinusitis akut amarga alèrgim dhokter bisa mènèhi pramayoga tès kulit alergi.[7]
Nangani
Sinusitis minangka lelara kang bisa kumat kapan waé mliginé nalika ana faktor pamicuné. Pramila manawa ngasakaké pratandha, kagiyatan kang bisa dilakokaké ya kuwi:
Nyegah
Kagiyatan kanggo nyegah lekara iki ya kuwi:
Kapustakan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.