Siklotron
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Siklotron ya iku sawijining mesin (akselerator) kang nyepetaké partikel kanthi ngleker.[1][2] mula bisa éntuk ènergi kinétik kang dhuwur.[3] Partikel mau bisa wujud partikel proton utawa deuteron.[4] Siklotron bisa nyepetaké partikel amarga anané médan magnet lan médan listrik kang konstan.[5] Siklotron mujudaké tetemoning Ernest O. Lawrence[6][7] ing taun 1934 kang dikembangake déning mahasiswa ing University of California ing taun 1930 lan wiwit operasi ing taun 1932.[8] Siklotron kan gedhé dhéwé ing donya ana ing University of British Columbia, Vancouver, Kanada. Ing taun 1939, Lawrence kasil éntuk bebungah Nobèl bab Fisika amarga saka tetemoné iki.[2] Siklotron kang gedhé dhéwé iku duwé diameter 18 m kang kasusun saka 4000 ton magnèt. Siklotron iki ngasilaké 0,46 T, 23 MHz médan listrik, 94 kV tegangan kang digunakaké kanggo nyepetaké arus 200 μA.[8]

Remove ads
Komponèn
Komponèn mligi siklotron ya iku sumber ion, sistem vakum kang dhuwur, sistem panyepet lan osilasi, sistem transpor barkas lan sistem targèt.[3]
Piguna
Pirang-pirang dekade kang pungkasan iki, siklotron dadi sumber ènergi tinggi kanggo èkspèrimèn nuklir.[3] Siklotron minangka jinis panalitèn ing bab ngèlmu fisika.[3] Ion ing siklotron bisa digunakaké nguculaké nucuproton ing awak, mula bisa matèni tumor.[3] Lumrahé, mesin siklotron bisa digunake kanggo prodhuksi radioisotop, analisis material, lan kanggo kajian fisika nuklir (gumantung marang ènergi partikel kang diasilake).[3]
Remove ads
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads
