Sarah Sechan

From Wikipedia, the free encyclopedia

Sarah Sechan

Sarah Meirizka Hardiany Sechan (lair ing Bandung, Jawa Kulon, 9 Mèi 1974; umur 50 taun; luwih ditepungi kanthi jeneng Sarah Sechan)[1] ya iku mantan video jockey MTV.[1] Saiki Sarah Sechan dadi Wakil Pemimpin Redaksi kalawarti Cosmo Girl.[1] Saliyané iku Sarah Sechan uga dadi présènter lan bintang iklan.[1]

Sunyata Rikat Lair, Pakaryan ...
Sarah Sechan
Thumb
LairSarah Meirizka Hardiany Sechan
Pakaryanartis, presenter
BojoEmir Hakim
AnakRajata
Wong tuwaTony Sechan (bapa)
Kusmiaty (ibu)
Tutup

Jeneng Sarah wiwit ditepungi publik nalika dhèwèké wiwit dadi VJ MTV.[1] Sarah Sechan suksès lan éntuk bebungah MTV Nokia Jukebox Music Is My Life.[1] Sarah uga tau mimpin program Kisah Di Antara Kita kang disiyaraké déning SCTV.[1] Nalika iku, dhèwèké dhuét karo aktor senior Deddy Mizwar.[1]

Sarah Sechan lan Uli Herdinansyah (presenter, juru main filem Naga Bonar (Jadi) 2) tampil bareng ing paméntasan drama musikal kang témané Miss kadalu warsa garapan Eksotika Karmawibhangga Indonésia (EKI) Production.[1] Sajeroning paméntasan iku, Sarah Sechan meragakaké tokoh Shiva.[1] Tokoh Shiva iki ya iku wong wadon kang sugih lan akèh bandha, ayu, glamor, nanging mlarat katresnan saka wong tuwané.[1] Pagelaran téater musikal iki dianakaké ing Gedung Kesenian Jakarta nalika tanggal 24 nganti 27 Mèi 2007.[1]

Sarah Sechan palakrama karo Emir Hakim.[2] Dhèwèké nikah ing Masjid Sunda Kelapa, Menteng nalika sasi Juni taun 2003.[2] Sarah Sechan lan Emir Hakin nduwé anak kang jenéngé Rajata.[2]

Ing taun 2008, Sarah Sechn main filem.[3] Film kang dibintangi Sarah Sechan ya iku filem kang judhulé XL, Antara Aku, Kau lan Mak Erot.[3] Ing filem iki Sarah Sechan meranaké Mak Siat, plèsètan saka Mak Erot.[3]

Filmografi

Film kang tau dibintangi Sarah Sechan ya iku:

  • Perempuan Punya Cerita (2008)
  • XL, Antara Aku, Kau dan Mak Erot (2008)
  • D.O-Drop Out (2008)
  • Chika (2008)
  • Si Jago Merah (2008)
  • Suka Ma Suka (2009)
  • Janda Kembang (2009)
  • Queen Bee (2009)
  • XXL-Double Extra Large (2009)
  • Red CobeX (2010)
  • Madame X (2010)

Cathetan sikil

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.