Sadio Mané
juru bal-balan Sénégal From Wikipedia, the free encyclopedia
Sadio Mané (lair 10 April 1992) inggih punika satungalipun juru main bal-balan profésional saking Senegal ingkang nggadhahi posisi minangka winger ing klub Bundesliga Bayern München lan tim nasional Senegal. Sadio Mané miwiti kariripun ing klub Metz ing Prancis, lajeng pindhah dhateng Red Bull Salzburg ing taun 2012. Sasampunipun menangaken Bundesliga Ostenrik lan Piala Ostenrik ing 2014, Mané pindhah dhateng klub Southampton. Wonten ing taun 2014-2015, Mané ndamel rekor enggal minangka panyithak hattrick paling cepet ing Liga Primer Inggris wekdal saged nyithak tigang gol ing wekdal 176 lan saged menang 6-1 menang mengsah Aston Villa.[4] Mané pindhah dhateng klub Liverpool ing taun 2016 kanthi beaya transfer 23 yuta poundsterling, ingkang ndamel Mané minangka juru main bal Afrika paling awis sedangunipun sajarah. Sadio Mané sampun main ping 40 kanggé timnas Senegal awit debut ing taun 2012, lan makili tim nasional ing Olimpiadhe 2012, Piala Afrika 2015, lan Piala Afrika 2017.
![]() Mané rikala main kanggé ing Tim Nasional Senegal ing Piala Donya Ruslan 2018 lumawan Polen | |||
Katrangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Sadio Mané[1] | ||
Tanggal lair | 10 April 1992 | ||
Papan lair | Sédhiou, Senegal | ||
Dhuwur | 1.74 m (5 ft 9 in)[2] | ||
Posisi main | Suwiwi[3] | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Bayern Munchen | ||
Angka | 17 | ||
Karir nom | |||
Génération Foot | |||
Karir klub* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2011–2012 | Metz | 22 | (2) |
2012–2014 | Red Bull Salzburg | 63 | (31) |
2014–2016 | Southampton | 67 | (21) |
2016–2022 | Liverpool | 41 | (18) |
2022–saiki | Bayern Munchen | ||
Karir tim nasional‡ | |||
2012 | Senegal U23 | 4 | (0) |
2012–saiki | Senegal | 48 | (14) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 1 January 2018. |
Karir klub
Karir Kawitan
Lair ing Sédhiou, Sénégal, Mané miwiti kariripun ing Académie Génération Foot, akademi bal-balan Senegal.[5] Mané miwiti debut profesionalipun ing klub Metz wekdal tanggal 14 Januari 2012, mlebet minangka juru main penggantos Kévin Diaz ing menit ke-75 lan asilipun kalah kandang 0-1 mengsah klub Bastia ing Ligue 2.[6] Mané sampun main ngantos ping 19 ing mangsa liga kawitan, 12 minangka starter, lan nyithak gol wekdal kalah 2-5 saking klub Guingamp ing Stadion Saint-Symphorien wekdal tanggal 4 Mei.[7] Metz dipundhegradhasi dhateng Liga Nasional Championnat ing akhir mangsa.[7]
Red Bull Salzburg
Wekdal tanggal 31 Agustus 2012, Mané pindhah dhateng klub Bundesliga Ostenrik Red Bull Salzburg kanthi béaya transfer paling angeng nomer tiga klub FC Metz.[8] Béaya transfer kasebat watawis € 4 yuta.[9]
Mané nyithak hattrick pertama kanggé klub ing tanggal 31 Oktober, lan menang tandhang 3-1 mengsah Kalsdorf ing babak kaping tiga Piala Ostenrik.[10] Wekdal tanggal 27 Oktober 2013, Mané nyithak hattrick kawitan ing Bundesliga Ostenrik, wekdal menang 3-0 mengsah Grödig.[11] Mané nyithak gol treble wekdal tanggal 7 Mei 2014 mengsah SV Horn, lan menang 7-0 ing semifinal Piala; mangsa punika ngasilaken kamenangan double ing Bundesliga Ostenrik.[12] Ing pungkasaning wulan Agustus 2014, Mané meksa transfer medal saking klub, kanthi mboten ndherek latian lan mboten main ing pertandhingan kanggé lolos Liga Champions.[13]
Southampton
Musim 2014-15
Tanggal 1 September 2014, Mané pindhah dhateng klub Liga Utama Inggris Southampton kanthi regi £ 11,8 yuta, napakasmani kontrak sekawan taun.[14][15] Piyambakipun miwiti dhebut 22 dinten salajengipun wekdal menang 2-1 ing Piala Liga mengsah Arsenal, lan nyithak gol kapisan kanggé Southhamton.[16] Piyambakipun nglampahi penampilan liga ingkang kapisan kanggé klub kasebat wekdal menang 2-1 mengsah Queens Park Rangers ing tanggal 27 September, miwiti pertandhingan lan mbiyantu Ryan Bertrand.[17] Piyambakipun nyithak gol kapisanan kanggé klub kasebat wekdal mennag 8-0 mengsah Sunderland ing 18 Oktober,[18] sanajan ing tembe wingking dipun anggep minangka gol lampusdhiri dening Patrick van Aanholt.[19] Nanging, piyambakipun nyithak gol kapisanan ing pertandhingan salajengipun wekdal menang mengsah Stoke City.[20]
Wekdal wulan Desember lan Januari piyambakipun nyithak gol ing tigang pertandhingan kanthi urut, mengsah Crystal Palace,[21] Chelsea [22] lan Arsenal.[23] Mané nyethak kalih gol kamenangan ing kamenangan 1-0 mengsah Queens Park Rangers ing tanggal 7 Februari 2015 lan mengsah Crystal Palace ing tanggal 3 Maret [24][25] Nanging, Mané dipunmainaken Southampton wekdal kekalahan kandhang 0-2 mengsah Liverpool ing 22 Februari.[26]
Tanggal 16 Mei, wekdal pertandhingan kandhang pungkasan Southampton musim kasebat, Mané nyithak tigang gol ing wekdal 2 menit 56 detik wekdal kemenangan 6-1 mengsah Aston Villa lan damel rekor Liga Primer enggal kanggé hat-trick paling cepet. Rékor kasebat sampun kadamel wiwit taun 1994 dening Robbie Fowler, ingkang nyethak tigang gol mengsah Arsenal ing wekdal 4 menit lan 33 detik. Mané ngrampungaken musim kanthi 10 gol saking 32 penampilan ing sedaya kompetisi.
Musim 2015-16
Mané miwiti musim 2015-16 kanthi damel kalih assist ing pertandhingan leg kapisan babak kaping tiga UEFA Europa League mengsah Vitesse Arnhem ing kandhang lan nyithak gol ing leg kaping kalihipun, wekdal Southampton majeng dhateng babak salajengipun kanthi asil agregat 5-0.[27][28] Tanggal 2 Desember, piyambakipun nglapahi 39 detik kanggé mbikak skor mengsah Liverpool ing perempatfinal Piala Liga, nanging lajeng kalah 6-1 ing kandhang piyambak.[29]
Tanggal 2 Januari 2016, piyambakipun saged main malih ing starting line up dening mènèjer Ronald Koeman kanggé pertandhingan mengsah Norwich City.[30] Piyambakipun nampi kartu abrit langsung wekdal tanggal 12 Maret ing akhir kamenangan 2-1 mengsah Stoke City amargi tabrakan kaliyan Erik Pieters,[31] Sanajan ing tembe wingking dipunbatalaken ing sidhang bandhing.[32][33]
Sasampunipun gagal mboten saged nyethak gol ing liga ing wekdal sekawan wulan, Mané nyithak kalih gol ing kamenangan 3-2 mengsah Liverpool ing tanggal 20 Maret 2016,[34] lajeng nyethak gangsal gol ing gangsal pertandhingan, kalebet hat-trick ing pertandhingan 4-2 mengsah Manchester City ing tanggal 1 Mei.[35] Piyambakipun ngrampungaken musim kasebat minangka panyethak gol ingkang kathah piyambak Southhamton, kanthi 15 gol ing sedaya kompetisi.
Liverpool

Tanggal 28 Juni 2016, Mané gabung kaliyan Liverpool kanthi beaya transfer £ 34 yuta kanthi kontrak gangsal taun. Béaya transfer kasebat ndamel piyambakipun dados "pemain Afrika paling awis sepanjang sejarah".[36][37] Wekdal tanggal 14 Agustus, piyambakipun damel dhebut Liga Primer kanggé The Reds, nyethak gol kaping sekawan wonten ing kemenangan tandhang 4-3 mengsah Arsenal.[38] Sasampunipun nglampahi kakalahan Liverpool mengsah Burnley wekdal dinten pertandhingan kaping kalih amargi cidera pundhak, Mane mlebet ing starting line up mengsah Burton Albion ing Piala Liga piyambakipun damel kalih assist wekdal kamenangan 5-0.[39]
Wekdal tanggal 19 Desember, Mané nyéthak setunggal mung-mungan wekdal derby Merseyside kaping 227 ing wekdal tambahan mengsah Everton ing Goodison Park.[40] Tanggal 11 Februari 2017, Mané mencetak dua gol dalam dua menit melawan Tottenham Hotspur ing Anfield, kanggé kamenangan liga pisanan Liverpool ing taun 2017.[41][42] Tanggal 20 April 2017, Mané dipundhapuk ing Tim PFA 2016-17 taun menika sasampunipun nyethak 13 gol liga ing musim kapisan sareng Liverpool.[43] Mané pikantuk bebingah minangka Liverpool Player of the Season ing tanggal 9 Mei 2017.[44]
Tanggal 12 Agustus 2017, wekdal pertandhingan mengsah Watford, Mané nyethak gol kapisan Liverpool musim menika kanthi asil 3-3. Piyambakipun pikantuk bebingah minangka pemain ingkang saé piyambak ing wulan kasebat sasampunipun nyethak setunggal gol ing tigang pertandhingan The Reds ing wulan Agustus.[45] Tanggal 9 September 2017, piyambakipun pikantuk kartu abrit langsung ing babak kapisan wekdal mengsah Manchester City.[46] ngasilaken larangan tigang pertandhingan.[47] Wekdal tanggal 14 Februari 2018, Mané nyethak hat-trickpisanan kanggé Liverpool wekdal menang tandhang 5-0 mengsah Porto ing babak 16 leg kapisan Liga Champions UEFA 2017-18.[48] Ing taun 2018 Sadio Mane kasil gawa Liverpool mentas ing final Liga Champion mungsuh Real Madrid, sanajan ta asile Liverpool kalah kanthi sekor 3-1 nanging Mane kasil bisa gawe siji gol ing gawange Keylor Navas.
Pangaji-aji
- Juara Liga Champions 2019
- Juara Piala Super Eropa 2019
- Juara Piala Donya Antarklub FIFA 2019
- Juara Liga Primèr Inggris 2020
Jroning Angka
Klub
Klub | Mangsa | Liga | Piyala Nasional | Piyala Liga | Eropah | Liyané | Gunggung | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Dhivisi | Panampilan | Gol | Panampilan | Gol | Panampilan | Gol | Panampilan | Gol | Panampilan | Gol | Panampilan | Gol | ||
Metz | 2011–12 | Ligue 2 | 19 | 1 | 0 | 0 | 0 | 0 | — | — | 19 | 1 | ||
2012–13 | Championnat National | 3 | 1 | 0 | 0 | 1 | 0 | — | — | 4 | 1 | |||
Gunggung | 22 | 2 | 0 | 0 | 1 | 0 | 0 | 0 | — | 23 | 2 | |||
Red Bull Salzburg | 2012–13 | Austrian Bundesliga | 26 | 16 | 3 | 3 | — | — | — | 29 | 19 | |||
2013–14 | Austrian Bundesliga | 33 | 13 | 4 | 5 | — | 13 | 5 | — | 50 | 23 | |||
2014–15 | Austrian Bundesliga | 4 | 2 | 1 | 1 | — | 3 | 0 | — | 8 | 3 | |||
Gunggung | 63 | 31 | 8 | 9 | 0 | 0 | 16 | 5 | — | 87 | 45 | |||
Southampton | 2014–15 | Liga Primèr Inggris | 30 | 10 | 0 | 0 | 2 | 0 | — | — | 32 | 10 | ||
2015–16 | Liga Primèr Inggris | 37 | 11 | 1 | 0 | 2 | 3 | 3 | 1 | — | 43 | 15 | ||
Gunggung | 67 | 21 | 1 | 0 | 4 | 3 | 3 | 1 | — | 75 | 25 | |||
Liverpool | 2016–17 | Liga Primèr Inggris | 27 | 13 | 0 | 0 | 2 | 0 | — | — | 29 | 13 | ||
2017–18 | Liga Primèr Inggris | 29 | 10 | 2 | 0 | 0 | 0 | 13 | 10 | — | 44 | 20 | ||
2018–19 | Liga Primèr Inggris | 36 | 22 | 0 | 0 | 1 | 0 | 13 | 4 | — | 50 | 26 | ||
2019–20 | Liga Primèr Inggris | 35 | 18 | 1 | 0 | 0 | 0 | 8 | 2 | 3 | 2 | 47 | 22 | |
2020–21 | Liga Primèr Inggris | 35 | 11 | 2 | 2 | 0 | 0 | 10 | 3 | 1 | 0 | 48 | 16 | |
Gunggung | 162 | 74 | 5 | 2 | 3 | 0 | 44 | 19 | 4 | 2 | 218 | 97 | ||
Gunggung karir | 314 | 128 | 14 | 11 | 8 | 3 | 63 | 25 | 4 | 2 | 403 | 169 |
Nagara
Tim nasional | Taun | Panampilan | Gol |
---|---|---|---|
Senegal | 2012 | 6 | 2 |
2013 | 8 | 1 | |
2014 | 9 | 3 | |
2015 | 9 | 3 | |
2016 | 7 | 1 | |
2017 | 10 | 4 | |
2018 | 9 | 1 | |
2019 | 11 | 4 | |
2020 | 2 | 2 | |
2021 | 4 | 2 | |
Gunggung | 75 | 23 |
Gol Internasional
No. | Surya | Papan | Main | Mungsuh | Angka | Asil | Kompetisi |
---|---|---|---|---|---|---|---|
1 | 2 Juni 2012 | Stade Léopold Sédar Senghor, Dakar, Sénégal | 2 | ![]() | 3–1 | 3–1 | Kuwalifikasi Piyala Donya 2014 |
2 | 14 Novèmber 2012 | Stade Général Seyni Kountché, Niaméy, Nigèr | 6 | Nigèr | 1–1 | 1–1 | Kekancan |
3 | 7 Sèptèmber 2013 | Stade de Marrakech, Marrakèsh, Maroko | 12 | ![]() | 1–0 | 1–0 | Kuwalifikasi Piyala Donya 2014 |
4 | 5 Maret 2014 | Stade Municipal Saint-Leu-la-Forêt, Saint-Leu-la-Forêt, Prancis | 15 | ![]() | 1–0 | 1–1 | Kekancan |
5 | 5 Sèptèmber 2014 | Stade Léopold Sédar Senghor, Dakar, Sénégal | 18 | ![]() | 2–0 | 2–0 | Kuwalifikasi Piyala Afrika 2015 |
6 | 10 Sèptèmber 2014 | Botswana National Stadium, Gaborone, Botswana | 19 | Botswana | 1–0 | 2–0 | |
7 | 13 Juni 2015 | Stade Léopold Sédar Senghor, Dakar, Sénégal | 27 | ![]() | 3–1 | 3–1 | 2017 Africa Cup of Nations qualification |
8 | 5 Sèptèmber 2015 | Sam Nujoma Stadium, Windhoek, Namibia | 28 | Namibia | 2–0 | 2–0 | |
9 | 13 Novèmber 2015 | Mahamasina Municipal Stadium, Antananarivo, Madhagaskar | 31 | ![]() | 2–2 | 2–2 | Kuwalifikasi Piyala Donya 2018 |
10 | 4 Juni 2016 | Prince Louis Rwagasore Stadium, Bujumbura, Burundi | 36 | ![]() | 1–0 | 2–0 | 2017 Africa Cup of Nations qualification |
11 | 15 Januari 2017 | Stade de Franceville, Franceville, Gabon | 41 | Tunisia | 1–0 | 2–0 | Kuwalifikasi Piyala Afrika 2017 |
12 | 19 Januari 2017 | 42 | Zimbabwé | 1–0 | 2–0 | ||
13 | 27 Maret 2017 | Stade Sébastien Charléty, Paris, Prancis | 45 | ![]() | 1–0 | 1–1 | Kekancan |
14 | 5 Sèptèmber 2017 | Stade du 4 Août, Ouagadougou, Burkina Faso | 47 | Burkina Faso | 2–2 | 2–2 | Kuwalifikasi Piyala Donya 2018 |
15 | 24 Juni 2018 | Central Stadium, Yékaterinburg, Ruslan | 54 | ![]() | 1–0 | 2–2 | Piyala Donya 2018 |
16 | 26 Maret 2019 | Stade Léopold Sédar Senghor, Dakar, Sénégal | 60 | ![]() | 1–1 | 2–1 | Kekancan |
17 | 1 Juli 2019 | 30 Juni Stadium, Kairo, Mesir | 62 | ![]() | 2–0 | 3–0 | Piyala Afrika 2019 |
18 | 3–0 | ||||||
19 | 5 Juli 2019 | Cairo International Stadium, Kairo, Mesir | 63 | ![]() | 1–0 | 1–0 | Piyala Afrika 2019 |
20 | 11 Novèmber 2020 | Stade Lat-Dior, Thiès, Sénégal | 70 | ![]() | 1–0 | 2–0 | Kuwalifikasi Piyala Afrika 2021 |
21 | 15 Novèmber 2020 | Estádio 24 de Setembro, Bissau, Guinea-Bissau | 71 | 1–0 | 1–0 | ||
22 | 5 Juni 2021 | Stade Lat-Dior, Thiès, Sénégal | 74 | Zambia | 1–0 | 3–1 | Kekancan |
23 | 8 Juni 2021 | 75 | ![]() | 2–0 | 2–0 |
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.