From Wikipedia, the free encyclopedia
Sabun iku salah siji senyawa kimia tuwa dhéwé kang tau dikenal.[1] Sabun iku ora kanthi aktual tinemu, nanging saka usaha ngembangaké campuran senyawa alkali lan lemak utawa lenga.[1] Sabun iku surfaktan kang umbah-umbah utawa ngresiki lan digunakaké kanthi pitulungan banyu.[2] Sabun iku diasilaké saka prosès saponifikasi, ya iku prosès hidrolis lemak dadi asem lemak lan gliserol ing kaanan basa.[2] Bahan kang lumrahé digunakaké ya iku NaOH (natrium/sodium hidroksida) lan KOH(kalium/potasium hidroksida).[2] Asam lemak kang sesambungan karo natrium utawa kalium iki kang dijenengaké sabun.[2]
Jinis-jinis sabun ya iku:[3]
Ana pirang-pirang prakara kang dikarepaké bisa ditangani kanthi nggunakaké sabun, kaya ta ngangkat sél-sél kulit mati, sisa keringet, lebu, sarta lenga kang nutup kulit[4] Nanging ing jaman kang saya maju iki, tujuan nggunakaké sabun ora mung mandheg ing bab iku.[4] Supaya nambah kawigatén, mangka ditambahake bahan-bahan tartamtu kaya ta wewangén, warna, lan bahan-bahan liya kang bisa kanggo terapi lelara.[4]
Saliyané manfaat kang ditawakaké, sabun uga duwé bab-bab kang prelu digatekaké supaya sabun ora dadi racun kanggo awak.[4] Kuwi amarga sabun akèh migunakaké bahan=bahan kimia.[4] Kanggo ngatasi prakara iku mangka saiki dikembangaké sabun alami.[4]
Bahan baku sabun alami bisa saka bumbon crakèn, janganan, lan woh-wohan kaya ta pang, lan gegodhongan kang ana ing alam sakiteré, kang utama bisa dimupangatake kang utawa wit pari utawa kanthi jeneng merang,[5]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani soap. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.