Roy Suryo
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Kanjeng Raden Mas Tumenggung Roy Suryo Notodiprojo utawa disingkat KRMT Roy Suryo Notodiprojo utawa kondhang kanthi nama Roy Suryo (lair ing Yogyakarta, 18 Juli 1968; umur 57 taun) ya iku mantan pengurus Parté Dhémokrat ing bab Komunikasi lan Informatika.[1][2] Roy kerep dadi narasumber ing médhia massa Indonésia ing babagan teknologi informasi, fotografi, lan multimedia.[3] Roy uga naté dadi gawakake acara ing TV e-Lifestyle ing Metro TV 5 taun. Déning médhia massa Indonésia dhèwèké kerep dijuluki nimpuna informatika.[4]
Roy Suryo ngrampungaké kuliah ing Jurusan Ilmu Komunikasi Universitas Gadjah Mada (1991-2001), terus mulang ing Jurusan Seni Media Rekam Institut Seni Indonésia taun 1994-2004.[1] Dhèwèké uga tau dadi dhosèn tamu ing Program D-3 Komunikasi UGM, mulang fotografi kanggo semester nanging statuse ora dadi dhosèn tetep UGM.[1] Roy Suryo kerep éntuk penghargaan saka lomba fotografi tingkat nasional sarta penghargaan saka liya-liyané, ing antarané saka Kadin babagan Telematika, Mantri Perhubungan Agum Gumelar, Majalah Trend Digital, Telkomsel, lan Garuda Indonésia.[1] Saliyané ing babagan Telematika, dhèwèké uga mèlu ing Perhimpunan Penggemar Mobil Kuno Indonésia, Federasi Perkumpulan Seni Foto Indonésia, uga kacathet minangka salah siji konsultan teknis ing situs resmi Presidhen Susilo Bambang Yudhoyono.[1]
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads

