Muhammad Ridho Irama utawi dipuntepang ugi Ridho Irama, inggih punika putra ingkang bungsu saking raja dangdut Roma Irama kaliyan garwanipun, inggih punika ingkang gadhah asma Rica Rachim.[1] Rica Rachim, punika garwa kaping kalih, sasampunipun Veronica Agustina (almarhumah).[2] Priyantun kakung ingkang kadosipun badhé ngelajengaken padamelan saking Ramanipun (Raja Dangdut) punika miyos wonten ing kutha Jakarta tanggal 14 Januari 1989, milai dipuntepang déning masarakat panikmat lagu dangdut wonten ing Indonesia.[1]

Sunyata Rikat Latar wuri, Jeneng lair ...
Ridho Irama
Latar wuri
Jeneng lair Muhammad Ridho Irama
Jeneng liya Ridho Irama
Lair (1989-01-14) Januari 14, 1989 (umur 35)
Indhonésia Jakarta, Indonésia
Jinis Musik Dangdut
Pakaryan Penyanyi
Wong tuwa Rhoma Irama dan Marwah Ali
Tutup

Nalika acara taun baru 2009 kalawingi, Ramanipun ngejak piyambakipun kanggé nembang sesarengan kaliyan grup band Soneta wonten ing adicara punika.[1] Ridho ingkang sampun remen kaliyan musik dangdut nalika alit punika, sampun nyobi panggung dangdut sareng kaliyan Ramanipun nalika kelas 3 SMP.[1] Pangalaman ingkang kapisan minggah panggung dipunrasa nalika Ramanipun pentas musik wonten ing Kalimantan.[2]

Supados masarakat boten bosen kaliyan musik dangdut ingkang sampun biyasa wonten ing masarakat umum, piyambakipun nyipta musik dangdut ingkang sanès saking musik dangdut limrahipun.[1] Piyambakipun mbentuk grup dangdut Sonet 2, milai medalaken album ingkang kapisan nalika tanggal 22 Januari 2009.[1] Kaliyan grup Sonet 2 priyantun punika ngusung musik dangdut ingkang dipuncampuri musik pop.[1]

Putera Makutha

Ridho ingkang putra saking Roma Irama Raja dangdut punika, misuwur kaliyan jejuluk Putra Makutha, amargi embel-embel Raja Dangdung ingkang dipunangsal Ramanipun.[2] Sanes kaliyan kangmasipun ingkang Tiri Vicky, ingkang langkung remen kaliyan musik Rock utawa metal ingkang sampun mbentuk band ugi.[2] Ridho Roma ingkang remen kaliyan tembangan India punika ugi angsal pangajaran bab nembang ugi bab nguasani panggung ingkang awrat saking ramanipun.[2]

Cathetan suku

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.