From Wikipedia, the free encyclopedia
Randai inggih punika satunggalipun seni téater ètnik Minangkabau ingkang nggabungaken manèka warni kasenian, kados musik, jogèdan, drama, lagu, lan pencak silat.[1] Limrahipun kasenian Randai dipungelar nalika wonten adicara upacara adat utawi sukuran.[1] Kasenian punika saged dipungelar ing pinten-pinten dinten gumantung kaliyan caritanipun.[1] Randai dipungelar minangka téater ing satunggalipun bundheran amrih supados wonten raos manunggalipun peserta Randai lan pamiyarsanipun.[2] Kasenian Randai kalebet gabungan jogèd, seni bela dhiri, jogèd rakyat, nyanyian utawi lagu, lan lakon utawi carita ingkang dipungelar.[1] Carita dipungelar kanthi lakon lan nyanyian lan kathahipun kanthi adhédhasar legénda lan carita rakyat Minangkabau.[1] Wonten lakon carita ingkang dipungelar kados carita Cindua Mato, Malin Deman, Anggun Nan Tongga, lan carita sanèsipun.[1] Kasenian Randai gadhah mangfaat minangka hiburan kanggé masarakat.[1]
Randai asalipun saking abad kaping 20, asil gabungan seni bela dhiri Minangkabau, carita, lan tradisi pagelaran sanèsipun.[3] Tiyang jaler rumiyin limrahipun maragakaken paraga dhobel (paraga jaler lan èstri), nanging wiwit taun 1960-an tiyang èstri ugi sampun saged ndhérék pagelaran kasenian punika.[1]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.