Pulo Abang inggih punika salah satunggalig pulo ing Indonésia ingkang mapan wonten ing sisih kiduling kitha Batam, Provinsi Kapuloan Riau. Pulo Abang mapan wonten ing kacamatan Galang, kutha Batam, provinsi Kapuloan Riau. Pulo Abang inggih kalebet pulo ingkang alit ingkang mapan wonten ing sisih kidul saking kitha Batam, provinsi Kapuloan Riau. Pulo Abang gadhah ukuran, ambanipun kirang langkung 2.000 x 5.000 mèter saha jarakipun kirang langkung 50 km saking laladan Muka- kuning pulo Batam. Pulo Abang inggih punika papan wisata laut ingkang nembé dipunrembaka déning pamaréntah kitha Batam saha badhé dipundadosaken salah satunggaling daya tarik program visit Batam.

Pulo Abang

Géografi

Ing pulo Abang wonten tigang dhusun, inggih punika Dusun Pulo Abang, Air Saga, saha Dusun Pulo Petong kanthi pusat kalurahanipun mapan wonten ing Pulo Abang alit. Dusun-dhusun kasebat mapan wonten ing kacamatan Galang kanthi letak geografisipun ing 0o25’ – 1o08’ Lintang Utara, 104o00’ – 04o24’ Bujur Timur. Kalurahan Pulau Abang gadhah wates-wates laladan kados makaten:

  • Ing sisih lor; P. Setokok Kacamatan Bulang
  • Ing sisih kidul ; Subang Mas
  • Ing sisih kulon ; Selat Malaka
  • Ing sisih wétan ; Subang Mas

Daya Tarikipun

Ing pulo Abang dipunsamektakaken sesawangan pasisir ingkang éndah sanget dipuntingali kanthi wontenipun trumbu karang saha wontenipun manéka warna jinis iwak hias ingkang warna - warni saha dipunanggep pasisir ingkang sebandhing kaliyan pasisir Bunaken ing Sulawesi ing wewengkon Indonésia sisih lor.[1] Wewengkon laut ing sakitering Pulo Abang saha Pulo Petung kathah dipunrawuhi para wisatawan ingkang remen mancing iwak. Déné manéka warna iwak ingkang wonten ing perairan pasisir sakitering Pulo Abang ing antawisipun inggih punika iwak selar, iwak lencing, pasir merah, kakap abrit, pinang, iwak buntal, saha taksih kanthah jinising iwak sanèsipun. Wewengkon pulo Abang kapérang dados sapérangan pulo - pulo alit ingkang wonten ing sakiteripun. Déné sapérangan ageng perairan ing laladan kasebat kapérang dados konservasi trumbu karang. Pulo Abang dipundadosaken laladan konservasi trumbu karang amargi ing daherah kasebat wonten manéka warna iwak hias langka kados ta teri ijo saha blue coral. Awit saking punika, warga lokal ndadosaken sektor pariwisata dados pangupajiwanipun kanggé nyekapi kabetahanipun amargi warga sampun dipunlarang kanggé mendhet potensi alam ingkang kawrat wonten ing laut sakiteripun.[2]

Transportasi

Manawi badhé tumuju dhateng Pulo Abang saged ngginakaken perahu boat utawi ingkang langkung misuwur kanthi sebatan bot pompong saking kreteg 6 Barelang.

Cathetan suku

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.