Préfèktur Fukui
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Prefektur Fukui Préfèktur Fukui (福井県 Fukui-ken?) inggih punika prefektur Jepang ingkang mapan wonten Wewengkon Chubu, Pulo Honshu [1]. Kutha krajanipun kutha Fukui.

Fukui Prefecture 福井県 | |||
---|---|---|---|
Prefecture | |||
Trankripsi Japanese | |||
• Japanese | 福井県 | ||
• Rōmaji | Fukui-ken | ||
| |||
![]() | |||
Country | Japan | ||
Region | Chūbu (Hokuriku) | ||
Island | Honshū | ||
Capital | Fukui | ||
Subdivisions | Districts: 7, Municipalities: 17 | ||
Pamaréntahan | |||
• Governor | Tatsuji Sugimoto | ||
Laladan | |||
• Gunggung | 4,190,49 km2 (1,61.796 sq mi) | ||
• Urut laladan | 34th | ||
Cacah warga (June 1, 2017) | |||
• Gunggung | 778,943 | ||
• Urut pepadhet | 43rd | ||
• Pepadhet | 185,95/km2 (48,160/sq mi) | ||
Kodhe ISO 3166 | JP-18 | ||
Situs wèb | www.pref.fukui.jp/english/ Cithakan:Infobox region symbols |
Sajarah
Sadèrèngipun prefektur punika kadhapuk nalika taun 1871, Fukui kala punika kapérang dados Provinsi Wakasa lan Provinsi Echizen. Nalika Periode Edo, daimyo wewengkon punika gadhah nama kulawarga Matsudaira ingkang kalebet keturunan saking Tokugawa Ieyasu.
Géografi
Prefektur punika madep dhateng Laut Jepang lan gadhah pérangan kilèn (rumiyinipun Wakasa) ingkang kalebet dhataran sempit ing antawisipun pagunungan lan sagara. Lajeng ing pérangan wétan langkung ageng (rumiyinipun Echizen) kanthi dhataran ingkang langkung wiyar kalebet kutha krajan lan papanipun sapérangan penduduk.
Kutha-kutha
- Awara
- Fukui (kutha krajan)
- Katsuyama
- Obama
- Ono
- Sabae
- Takefu
- Tsuruga
Kutha alit lan désa
Wonten ing ngandhap punika kalebet kutha alit lan désa ing distrik.
|
|
|
Panggabungan
Panggabungan kutha alit Echizen
Nalika 1 Fèbruari 2005 kalih kutha alit lan désa ing Distrik Nyu kagabung kaliyan kutha ingkang sampun wonten sadèrèngipun, Echizen: Asahi, Miyazaki, lan Ota.
Panggabungan Minamiechizen
Tanggal 1 Januari 2005 sadaya kotamadya ing Distrik Nanjō (satunggaling désa lan kutha alit) kagabung damel kutha énggal kanthi nama Minamiechizen: Imajo, Kana, lan Nanjo.
Panggabungan Awara
Ing 1 Maret 2004 kalih kutha alit ing Distrik Sakai kagabung damel kutha énggal mawi nama Awara: Ashihara lan Kanazu.
Ékonomi
Dhémografi
Kabudayaan
- Ing Prefektur Fukui wonten Astana Maruoka ingkang dados astana paling tuwa ingkang taksih wonten ing Jepang. Astana Maruoka punika dipunyasa nalika taun 1572.
- Eihei-ji punika kuil ingkang ayem lan nawekaken gladhenan lan pendidikan kanggé biksu. Madeg déning Dogen Zenji taun 1244, kuil punika mapan wonten ing lemah kanthi wiyar kirang langkung 330.000 m².
- Kathah fosil dinosaurus kapanggihaken nalika ngedug ing Prefektur Fukui lan asilipun saged dipuntingali wonten ing Musiyum Dinosaurus Fukui.
- Penduduk Prefektur Fukui micara mawi Basa Jepang dhialèk Fukui.
Pariwisata
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.