Prau Abukuma (阿武隈,Prau Abukuma?) iku prau dlajah ènthèng klas Nagara kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang. Aran prau iki saka jenengé Kali Abukuma ing Tōhoku, Jepang.
Abukuma kapernahaké rikala 8 Dhésèmber 1921 déning Astragara Wadya Sagara Sasebo; banjur kababar rikala 16 Maret 1923. Prau iki kinepyakaké rikala 26 Mèi 1925[1] ing pamangkuné kolonèl Inosuke Tokuda[2]. Prau iki kèrem rikala 26 Oktober 1944 cedhak Pulo Negros (09°20′N122°32′E).