Prambors

Jaringan radio ing Indonesia From Wikipedia, the free encyclopedia

Prambors ya iku stasiun radhio kang sasarané kaum mudha Ing Indonésia.[1] Jeneng jangkep Prambors ya iku Prambors Rasisonia singkatan saka Prambanan, Mendut, Borobudur dan sekitarnya (Prambors) lan Radhio Siaran Sosial Niaga (Rasisonia).[1]

Sajarah

Wiwitane Prambors iku radhio sing digawé déning saklompok nom-noman sing nembé bisa dirungokake ing sak pérangan panggonan ana Jakarta, ya iku Prambanan, Mendut, Borobudur lan kiwa-tengené.[2] Rikala semono anggotane Prambors ya iku Imran Amir, Mursid, Rustam, Malik Sjafei, Bambang Wahyudi, lan Tri Tunggal.[2] Para anggota mau ngrasa perlu ngewenehi Prambors pemancar radhio.[2] Banjur dhèwèké kabèh ngrakit transmiter prasaja lan kabèh ubarampe kang dibutuhake ana ing kamare Bambang Wahyudi.[2] Amerga biyèn durung ana kaset utawa tape, mula yèn muter lagu nganggo piringan ireng.[2] Tahun 1970, pamarintah ngentokake aturan anyar, ngenani radhio ya iku saben radhio kang duwé badan hukum kudu wujudé Perseroan Tebatas (PT) utawa perkumpulan.[2] Prambors netepi aturan iku, saéngga jenenge dadi PT Radhio Prambors Broadcasting Service.[2] Rikala taun 80-an jeneng iku diowahi manèh dadi PT Radhio Prambors.[2] Alon-alon, jebul Prambors wis nduwé komunitas pendengar kang akèh-akèhé cah nom. Lagu-lagu lan materi giyaran uga dipasake marang sing ngrungokake.[2] Wiwit taun 1971 nganti 1978, Prambors uga saya manteb ana ing jurusan cah nom, sing rikala semono durung nduwé saingan.[2] Produk Prambors saya akèh, wiwit saka kaset kompilasi nganti acara off air Lomba Cipta Lagu Remaja (LCLR) kang sukses.[2] Ana ing jaman 80-an, Prambors wiwit ndhandhani awake dhéwé amarga rikala semono wis krasa ana saingan karo stasiun radhio liya.[2] Salah sijining usaha supaya tetep njaga komunitas pendengar ya iku mawa games.[2] Kuis kang dikembangake akèh jinisé, karo bebungah kang pas iku lumayan sensasional, upamané mobil.[2] Saliyané kuis, ing mangsa 90-an wiwit ana acara-acara anyar, kaya ta Catatan si Boy, Diary, uga acara off air kaya Tenda Mangkal, Prambors Nite.[2] Komunitas pendengar Prambors saya suwé saya gedhé, mligine disengkuyunh déning pembenahan kualitas audione kang dipindah menyang jalur FM 102.3 ing taun 1987.[2] Amerga ana penataan ulang kabèh frekuensi kang ditokake déning Departemen Perhubungan, wiwit 1 Agustus 2004 Prambors malih frekuensi sing biyene FM 102.3 dadi102.2.[2] nganti saiki, Prambors ana ing 8 kutha ing Indonésia, ya iku:

SI JABRIK

Prambors duwé logo kang raket banget karo jeneng Prambors. Logo iku wujudé wajah wong wadon kang rambute kriting, gambar vinyet.[3] Wong-wog ngarani “Si Jabrik”.[3] Pisanane logo Prambors metu mung angger nggawé gambar templek kang tulisané “Prambors”.[3] Ora padha, ora masalah.[3] Nanging rikala Prambors kudu dadi badan usaha, pas iku kepikiran Prambors kudu nduwé logo.[3] Ceritane ana salah sijiné sampul almbum kelompok musik saka Walanda –The Ekseption-kang gambare apik.[3] Gambare kira-kira arep padha karo logo “si Jabrik” saiki.[3] Supaya ora dikira njiplak tenanan, gambare diowahi sitik.[3] Gambar wong wadon iku digawé ndhingkluk.[3] Sing ngowahi gambar iku ya iku penyiar Prambors, Wimi.[3]

Logo “Si Jabrik” wiwit dianggo taun 1969, pas Prambors awujud yayasn.[1] Wong wadon kriting iki saya disenengi, nganti akèh sing niru lan dipasang ana kaca mobil.[1]

taun 1980-an, ukurane “Si jabrik” digawé luwih cilik, mung ana ing jero huruf O saka tulisan Prambors, nanging, logo iki tau ilang rikala Prambors manuhaké gambar templek kuning “102.3 Fmania”.[2] Rikala Prambors nggenti logone dadi wujud biru oval ditambahi lis warna ireng, si Jabrik ora dikatutkake.[3] Banjur ing taun 2001, logo si Jabrik metu manèh.[3] Gumregut obahan retro ana Prambors tetep ndadèkaké mawa sing paling apik saka punjul 40 taun kapungkur.[3]

Program unggulan

  • Warung Kopi alias Warkop
  • Prambors Discotheque
  • Lomba Cipta Lagu Remaja alias LCLR
  • Playboy Kabel
  • Memory Song
  • Catatan Si Boy
  • Porsi Kamu
  • Sersan Prambors
  • Kuis Dan Gan Sensation
  • Prambors Nite
  • Prambors Cafe
  • Tenda Mangkal
  • Prambors Wow Mania
  • Saturday Blast
  • Prambors Piknik
  • Balada Cinta Ramadhan
  • Power of Putih Abu-Abu alias POPA
  • Putuss
  • Kumpul Kribo
  • Nubuzz
  • Copywriter's Ball
  • Riot on Air
  • 2nd Wave
  • Panda Berkokok
  • Cowok Tulen (Prambors Makassar)
  • The Sofa (Prambors Makassar)

Pambiwara (DJ) sing kondhang

  1. Dono
  2. Kasino
  3. Indro
  4. Sys NS
  5. Pepeng
  6. Nana Krip
  7. Jimmy Gideon
  8. Irfan Ihsan
  9. Arlingga "Angga" Panega
  10. Fla Priscilla
  11. Kak Seto
  12. Krisna Mukti
  13. Ida Arimurti
  14. Rebecca Tumewu
  15. Ariono Arifin
  16. Muthia Kasim
  17. Erwin Parengkuan
  18. Ferdi Hasan
  19. Venna Anissa
  20. Nicholas Saputra
  21. Arie Dagienkz
  22. Desta
  23. Veronica Felicia Kumala
  24. Asri Poeraatmadja
  25. Putri Suhendro
  26. Epri

Cathetan suku

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.