Piagam PBB
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Treatybox Piagam PBB ya iku konstitusi PBB kang ditapak asmani ing San Francisco tanggal 26 Juni 1945 déning sèket anggota asli PBB. Piagam iki wiwit dadi paugeran kanthi remi tanggal 24 Oktober 1945 sawisé diratifikasi déning lima anggota pendiriné; Républik China, Perancis, Uni Soviet, Britania Raya, Amérika Sarékat —lan mayoritas penanda tangan liyané.
Minangka siji Piagam, Piagam PBB iki dadi perjanjèn konstituen, lan kabèh penanda tangan kaiket déning surasané. Saliyané iku, Piagam iku uga kanthi eksplisit mratélaaké yèn Piagam PBB nduwé kuasa ngluwihi kabèh perjanjèn liyané. Piagam iki diratifikasi déning Amérika Sarékat tanggal 8 Agustus 1945, kang ndadèkaké AS minangka nagara pisanan kang gabung sajeroning PBB.
Pangaturan Piagam
Piagam PBB dumadi saka bab pambuka (preamble), kang kanthi garis besar disusun mèmper preamble Konstitusi AS, lan kumpulan pasal kang dipérang dadi sangalas bab.
Isi Piagam
- Pambuka.[1]
- Bab I ngamot tujuan Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB), kalebu perluné njaga perdamaian lan keamanan internasional.
- Bab II ngamot kritéria kaanggotaan.
- Bab III-XV, ngamot organisasi institusi lan badan sarta kakuwasané.
- Bab XVI lan Bab XVII, ngamot aturan gayutan PBB karo hukum internasional.
- Bab XVIII lan Bab XIX, ngamot pangowahan lan ratifikasi Piagam PBB.
Bab-bab ing ngisor iki magepokan karo kakuwasan Badan-badan Perserikatan Bangsa-Bangsa:
- Bab VI, mratélakaké kakuwasan Dewan Keamanan PBB kanggo investigasi lan mediasi persengkétaan;
- Bab VII , mratélakaké kakuwasan Dewan Keamanan PBB kanggo ngenakaké sanksi ékonomi, diplomatik, lan militèr, uga panggunaan kakuatan militèr, kanggo ngrampungi persengkétaan;
- Bab VIII, pangaturan regional kanggo njaga perdamaian lan keamanan sajeroning tlatahé dhéwé;
- Bab IX lan Bab X, kakuwasan PBB kanggo kerjasama ékonomi lan sosial, lan anané Dewan Ékonomi lan Sosial PBB kang nggunakaké kakuwasan iku;
- Bab XII lan Bab XIII, ngamot Déwan Perwalian PBB, kang ngawasi dekolonisasi;
- Bab XIV lan Bab XV ngamot kakuwasan Mahkamah Internasional lan Sekretariat PBB.
Réferènsi
Uga delengen
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.