Parthenon, (Yunani kuna: Παρθενών) iku kuil kang diwangun kanggo Déwi YunaniAthena, pelindhung Atena, ing abad kaping 5 SM ing sadhuwuré Acropolis. Wangunan iki minangka wangunan wigati kang isih ana wiwit jaman Yunani Klasik, lumrahé dianggep puncaké pembangunan Doric order.
Reca-reca kang dadi pepaès ing papan iki dianggep salah siji karya pinunjul saka seni Yunani kuna. Parthenon dianggep simbul abadi saka Yunani kuna lan simbul dhémokrasi ing Atena, lan minangka salah siji saka monumèn kang gedhé dhéwé ing donya. Mantri Kabudayan Yunani anyar iki lagi sengkut ngayahi program rèstorasi lan rékonstruksi monumèn iki.[1]
Béda saka Pantheon, Roma.
Parthenon (anyar) iku ngganti kuil Atena kang luwih lawas ya iku, kang karan Pre-Parthenon utawa Parthenon lawas, kang rusak sajeroning serangan Pèrsi ing taun 480 BC. Kayadéné kuil-kuil Yunani liyané, Parthenon kanggo gudhang rajabrana (treasury), lan sawijining wektu tau dadi gudhang rajabranané Delian League, kang sabanjuré dadi Kakaisaran Athenian. Ing abad kaping 6 M, Parthenon diowahi dadi gréjaKristen pasembahan marang Perawan Maria. Ing jaman kakuwasan Ottoman, panggonan iki banjur dianggo masjid, ing wiwitan taun 1460, lan malah duwé menara. Ing tanggal 28 September1687, pasadiyan amunisi Ottoman njeblug déning pengeboman Venesia. Akibat jeblugan mau ndadèkaké rusaking Parthenon lan reca-reca ing panggonan iki. Ing taun 1806, Thomas Bruce, 7th Earl saka Elgin njupuk sawatara reca kang sisa, kanthi idin saka Ottoman. Reca-reca iki, kang saiki dikenal minangka Elgin utawa Marmer Parthenon, ing taun 1816 didol marang British Museum ing London, lan dipajang nganti saiki. Pamaréntah Yunani nyoba njaluk bali reca iku nanging durung kasil.
Frazer, Sir James George (1998). "The King of the Woods". The Golden Bough: A Study in Magic and Religion. Oxford University Press. ISBN0-192-83541-6.
Hurwit, Jeffrey M. (2000). The Athenian Acropolis: History, Mythology, and Archeology from the Neolithic Era to the Present. Cambridge University Press. ISBN0-521-42834-3.
Hurwit, Jeffrey M. (2005). "The Parthenon and the Tample of Zeus at Olympia". Ing Judith M. Barringer, Jeffrey M. Hurwit, Jerome Jordan Pollitt (èd.). Periklean Athens and Its Legacy: Problems and Perspectives. University of Texas Press. ISBN0-292-70622-7.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: editors list (link)
Neils, Jenifer (2005). The Parthenon: From Antiquity to the Present. Cambridge University Press. ISBN0-521-82093-6.
Pelling, Christopher (1997). "Tragedy and Religion: Constructs and Readings". Greek Tragedy and the Historian. Oxford University Press. ISBN0-198-14987-5.
Whitley, James (2001). "The Archaeology of Democracy: Classical Athens". The Archaeology of Ancient Greece. Cambridge University Press. ISBN0-521-62733-8.