From Wikipedia, the free encyclopedia
Pandhansari (ꦥꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦱꦫꦶ, Transkripsi Jawi: Pandhansari) inggih punika désa ing Kacamatan Kajoran, Kabupatèn Magelang, Jawa Tengah.[1] Indonesia. Desa Pandansari wonten ing koordinat 7˚ 30' 15,8" Lintang Kidul lan 110˚ 04' 45" Bujur Wétan, kaliyan keinggilan rata-rata 645 mdpl, saha désa punika dumunung wonten sisih kiléning kabupatén Magelang leresipun ing wates antawis kabupatén Magelang lan kabupatén Wanasaba.
Pandhansari | |
---|---|
Désa | |
Koordhinat: 7.49156°S 110.05754°E | |
Nagara | Indonésia |
Provinsi | Jawa Tengah |
Kabupatèn | Magelang |
Kacamatan | Kajoran |
Kodhe laladan administrasi | 33.08.12.2018 |
Désa sawiyar 3,9 km2 punika dipunpérang dhateng lebet 3 dhusun, lajeng dipun pérang malih dhateng satuan wilayah ingkang langkung alit dhateng lebet 5 rukun warga (RW) lan 16 rukun tetangga (RT).
Punika pratélan nami dhusun wonten Désa Pandhansari:
Jarak désa punika dhateng pusat kecamatan inggih punika 10 km, déné jarak kaliyan ibukota kabupatén Magelang wonten Kota Mungkid inggih punika satebih 27 km. Parandéné rodhaning pamarintahan tingkat désa dipunpusataken wonten Balé Désa Pandhansari ingkang gadhah alamat wonten Dusun Pandansari RT 003 RW 001. Kanggé perlu Pemilu 2024, pandhudhuk désa Pandhansari dipunpérang lan dipunladosi wonten 6 Tempat Pemungutan Suara (TPS).
Désa Pandhansari nggadhahi wates nun inggih:
Adhedhasar kategori ingkang wonten, Désa Pandhansari kelebet nggadhahi status Padhusunan (Pedesaan), ingkang papan wonten Puncak/Léréng, lan wonten ing Sawentawis/Tepining wana.
Adhedhasar data Kecamatan Kajoran dalam Angka 2022, pandhudhuk Désa Pandhansari sacacah 1.809 jiwa madeg saking 950 jaler lan 859 éstri kaliyan rasio jinis kelamin 111, cacahing pandhudhuk punika nyumbang 2,95% saking total populasi kecamatan Kajoran.
Saking wiwiting kamardikan Indonésia ngantos samangké désa Pandhansari sampun ngalami pinten-pinten kaping panggantosan pamimpin utawi Kepala Desa ingkang dhéfinitif utawi Pejabat (Pj) Kades. Punika Kepala Desa dhéfinitif ingkang naté mimpin Pandhansari.
Gumuk Sinampik ingkang nggadhahi kaéndahan wananipun ingkang saged damel suka renaning penggalih nalika mriksani. Papanipun sanginggiling pemukiman Sinampan ngiras jalur tembus tumuju dhusun Patran (tlatah kabupatén Wanasaba) prayogi dipunkunjungi kanggé ngénggar-énggar penggalih. Margi tembus punika dipunusahakaken kanthi gotong royong manunggal antawisipun wargi désa Pandhansari lan TNI saking Kodim 0507 Magelang. Poténsi ékonomi wonten tlatah Pandhansari iinggih punika cocok dipuntanemi sayur mayur lan woh-wohan. Woh-wohan unggulanipun inggih punika salak pondhoh. gedhang raja, lan gedhang byar.
Samangké sampun sumadya fasilitas pendhidhikan wonten 2 PAUD/TK lan 1 SD. Pandhansari nggadhahi TK Pertiwi wonten dhusun Tanjungsari lan PAUD Pelangi Ceria wonten dhusun Pandhansari. Déné SD Nagari Pandansari wonten ing dhusun Tanjungsari. Kanggé siswa SD saking dhusun Pandhansari minangka dhusun paling kidul piyambak mila kanggé tumuju sekolah wonten sisih lér sawentawis 1,5 km saéngga Pamarintah Désa paring pambiyantu arupi fasilitas angkutan desa (angkudes) kanthi gratis kanggé bidhal dhateng sekolah. Ing babagan Kasarasan, désa punika namung gadhah setunggal Balai Kesehatan Desa (BKD) wonten dhusun Tanjungsari ingkang ngiras dados dalem dhinesipun bidan désa. Déné fungsi pendukung kesarasan mila kegiatan wonten 3 Posyandu tetep dipunwontenaken saben wulanipun.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.