departemen banjur dipérang dadi 329 arrondissement
arrondissement dipérang dadi 3,879 canton
canton dipérang dadi 36,569 commune (sanadyan sawatara commune kang gedhé nyatané dumadi saka sawatara canton)
3 commune ya iku (Paris, Marseille, lan Lyon) dipérang sajeroning 45 municipal arrondissement
Uga ana 730 associated communes (data Januari 2006), biyèné commune indhependhen banjur nggabung karo commune kang luwih gedhé, nanging isih duwé sawatara otonomi (conto: commune Lomme kang diserep déning Lille ing taun 2000 lan owah dadi "associated commune" sajeroning commune Lille)
14 Komunitas Urban (communautés urbaines, utawa CU)
163 Komunitas Agglomeration (communautés d'agglomération, utawa CA)
2,391 Komunitas Commune (communautés de communes, utawa CC)
5 Sidikat Agglomeration anyar (syndicats d'agglomération nouvelle, utawa SAN), minangka kategori kang wiwit ilang.
Repubik Prancis nduwé wewengkon ing jaban rangkah kang kapérang kanthi administratif ing ngisor iki:
Saben region jaban rangkah dumadi saka siji departemen jaban rangkah (département d'outre-mer, utawa DOM), kang uga nduwé status padha karo departemen ing metropolitan Prancis.
Departemen jaban rangkah kapérang dadi 12 arrondissement
12 arrondissement kapérang manèh dadi 153 canton
153 canton kasusun sajeroning 112 commune (ing 4 DOM, luwih akèh canton tinimbang commune, ora kaya ing tlatah metropolitan, sebab sawetara commune dipérang dadi saawetara canton, déné ing metropolitan Prancis lumrahé canton dumadi saka sawetara commune, kajaba ing commune kang gedhé kaya Toulouse utawa Lille kang kapérang dadi sawetara canton)