Korsika
région Perancis From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Korsika (basa Perancis: Corse; basa Korsika: Corsica) iku siji pulo gedhé dhéwé kapapat ing Sagara Tengah. Korsika dumunung ing sisih kulon Italia, 160 km sisih kidul-wétan Perancis Dharatan, lan sisih lor Sardinia.
Korsika minangka salah siji saka 26 région Perancis, sanadyan kanthi de jure nduwé status komunitas teritori (collectivité territoriale). Kanthi status iki, Korsika dianggep luwih wigati tinimbang région-région liyané, nanging status iki sabeneré relatif padha karo status région sajeroning akèh prakara. Korsika kerep digolongké "région". Sanadyan kapisah saka Perancis Dharatan déning Sagara Liguria, Korsika kanthi administratif kalebu sajeroning kawasan Perancis Metropolitan.
Korsika dadi pérangan Perancis wiwit taun 1768. Sajeroning siji referendum kang dianakaké ing tanggal 6 Juli 2003, watara 191.000 pemilih nulak status otonomi terbatas kang ditawakké pamaréntah Perancis kanthi béda persentase 1,96%.
Korsika kawentar minangka panggonan kalairan Napoleon Bonaparte.
Remove ads
Pranala njaba
| Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:Corse. |
| Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Corsica. |
- Corsica-Isula
- (ing basa Prancis) Galeri foto Archived 2007-09-27 at the Wayback Machine.
- Cithakan:Cs Peta Korsika Archived 2007-12-05 at the Wayback Machine.
- PhotoGlobe - Corsica
- "Corsica rejects autonomy offer by Paris", CNN
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads

