Nusantara (kutha)
calon kutha krajan Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
calon kutha krajan Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Nusantara utawa resminé ingaran Kutha Krajan Nusantara (Indonésia: Ibu Kota Nusantara)[1] ya iku calon kutha krajan Indonésia kang bakal diresmèkaké nalika 17 Agustus 2024 bareng karo pahargyan dina kamardikan Indonésia.[2] Kutha iki rencanané bakal dadi panggantining Jakarta, kutha krajan nagara kawit 1945. Kapernah ing pasisir wétan pulo Kalimantan kang sapréné isih kalebu péranganing provinsi Kalimantan Wétan, kutha iki dipétung bakal ngrakup aréa kanthi amba 2.560 km² kang ndarbèni gegumukan, alas, lan lempongan.[3][4] Nusantara diarep-arep bakal dadi provinsi anyar kang pisah saka Kalimantan Wétan,[5] mèmper karo Laladan Mligi Kutha Krajan Jakarta.
Nusantara | |
---|---|
Calon kutha krajan Indonésia | |
Kutha Krajan Nusantara | |
Koordhinat: 0°57′28″S 116°41′59″E | |
Nagara | Indonésia |
Dhasaring ukum | UU No. 3 Taun 2022 |
Dina dadi | 18 Januari 2022 |
Pamaréntahan | |
• Body | Otorita Kutha Krajan |
• Pangarsa | Bambang Susantono |
• Wakil Pangarsa | Dhony Rahajoe |
Laladan | |
• Gunggung | 2.561,42 km2 (98,897 sq mi) |
• Laladan Kutha Krajan | 561,80 km2 (21,690 sq mi) |
• Laladan Punjering Pamaréntahan | 68,56 km2 (2,647 sq mi) |
Zona wektu | Wektu Indonésia Tengah (UTC+08:00) |
Situs wèb | ikn |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.