Mijil

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Mijil iku tegesé lair utawa metu. Ing jajaran tembang macapat, Mijil lumrahé disèlèhké ing ngarep. Saben pada, tembang iki ana enem gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu:

  • 10-i
  • 6-o
  • 10-é
  • 10-i
  • 6-i
  • 6-u

Tuladha

Mijil ing donya siniwi ratri
Kabèh durung katon
Amung anjali soca ing tembé
Lelaku alon siniji-siji
Nunggu mring wartaning
Sesotya satuhu

Cep menenga adhuh bocah manis
Aja gawé kagol
kae katon rembulané gedhé
Gilar-gilar cahyane nelahi
Ayo sun dolani
Sabisa-bisaku

Notasi

Notasi iki salah sijiné gagrag kang isih dienggo rengeng-rengeng.

  1. 6-6-1^-2^-2^-2^-2^-2^-1^- 2_3
  2. 1^-6-1^-1^-2^-1^-2^
  3. 2^-3^-2^-1^-6-5-5-5-6_5-3
  4. 2-3-5-6-3-6-5-3-2-3
  5. 1^-2^-3^-2^-1^-6
  6. 3-5-5-5-5_6-5_3

Pranala njaba

Alit
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung
Tengahan
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh
Ageng
Girisa

Uga delengen


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads