Melbourne

From Wikipedia, the free encyclopedia

Melbourne

Melbourne iku kutha krajan praja Victoria ing Australia. Melbourne minangka kutha paling wigati kaloro saka babagan bisnis lan kaloro gedhé dhéwé ing Australia sarta kutha gedhé dhéwé ing Victoria. Melbourne minangka kutha krajan Australia taun 1901-1927. Walikuthané yaiku John So.

Melbourne
Thumb
Thumb
NagaraAustralia
PrajaVictoria
Dina madeg30 Agustus 1835
Jembar wewengkon8.831 km2
Padunung3.744.373 (Sensus 2006)
 -Kapadhetan479,6/km2
BasaBasa Inggris
ZonaAEST(UTC+10)
AEDT (UTC+11)

Cacahing kang ndunungi metropolitan Melbourne yaiku 3.488.750 jiwa (sensus 2001) déné kanggo City of Melbourne (laladan kutha) dhéwé, kang ndunungi ana 52.117 jiwa. Melbourne wis kaping pindho nampa prédikat minangka The World's Most Liveable Cities (kutha paling nyaman kanggo dipanggoni) saka The Economist, yaiku ing taun 2002 lan 2004.

Géografi

Barkas:MelbourneCoatOfArms.jpg
Lambang Melbourne

Melbourne dumunung ing pérangan kidul-wétan bawana Australia lan dumunung ing cedhak Port Phillip. Laladan pinggiran Melbourne tuwuh nuruti ilining Kali Yarra saka arah Pagunungan Yarra lan Pagunungan Dandenong, déné ing sisih kidul, tuwuhing kutha kapérang rong arah amarga pernahé Melbourne dhéwé. Arah mangulon ana tlatah Geelong kang dumunung ing Bellarine Peninsula déné arah mangétan ana tlatah Frankston yaiku kutha kang dumunung ing pasisir kaya Rye, Sorrento, Apollo Bay, lan Lorne.

Pucuké Tanjung Bellarine lan Tanjung Mornington mung dipisahaké déning sawijining selat cilik lan ana layanan panyebrangan.

Iklim

Katerangan liyané Dhata iklim Melbourne, Sasi ...
Dhata iklim Melbourne
Sasi Jan Fèb Mar Apr Mèi Jun Jul Agu Sèp Okt Nov Dhès Taun
Sumber: Biro Meteorologi[1]
Tutup
Katerangan liyané Jan, Feb ...
Èlemèn dina liyané
 JanFebMarAprMèiJunJulAguSepOktNovDesTaunan
Rata-rata dina udan 8.37.49.311.514.014.215.115.614.814.311.810.5146.7
Rata-rata dina terang 6.36.35.74.43.02.52.72.93.43.63.54.448.5
Rata-rata dina mendhung 11.29.713.414.918.016.817.216.815.716.415.114.2179.5
Surmber: Biro Meteorologi
Tutup

Pamaréntahan

Sajarah

Dhémografi

Thumb
Sesawangan kutha Melbourne

Padunung Melbourne lumrahé turunan saka pendhatang saka Karajan Manunggal, mligi Inggris lan Irlandia kang wissmanggon wiwit jaman biyèn. Nanging wiwit puluhan dasawarsa pungkasan Melbourne ngalami paningkatan sajeroning cacahing pendhatang. Telung golongan pendhatang gedhé dhéwé yaiku saka Yunani, Italia lan Vietnam. Saliyané iku, ana uga komunitas Tionghoa kang cukup gedhé ing kutha iki.

Budaya lan ulah raga

Melbourne kaloka minangka kutha kang seneng ulah raga. Ulah raga kang populèr ing Melbourne kalebu rugbi, kriket, tenis, bal-balan lan bola basket]], nanging kang paling populèr yaiku Australian Football utawa kang akrab ingaran footy dénging warga Melbourne. Ulah raga footy pancèn idhèntik karo kutha iki lan praja Victoria lumrahé; punjul setengah tim-tim kang main ing AFL (Liga Australian Football) asal saka Melbourne. Nyebut football ing Melbourne tegesé tegesé ulah raga iki, béda karo Sydney utawa Canberra, kang tegesé rugbi.

Pariwisata

Thumb
Melbourne Aquarium.

Sawetara obyek pariwisata kang cukup misuwur ing Melbourne antarané:

  • Melbourne Cricket Ground, kang uga misuwur kanthi sebutan MCG.
  • Albert Park, papan kanggo kajuaraan F1.
  • Rialto Towers, gedung iki minangka gedung paling dhuwur ing pérangan kidul bumi, nanging rekor iki bakal dipecahaké déning wangunan liya kang ana ing Melbourne uga.
  • Federation Square
  • Flinders Street Station, stasiun sepur utama ing Melbourne kang isih operasi nganti saiki.
  • State Library of Victoria
  • Victorian Parlement Building
  • Melbourne Aquarium
  • Crown Casino
  • Melbourne Museum

Saubengé Melbourne

Laladan saubengé Melbourne uga duwé atraksi dhéw kaya ta:

  • Great Ocean Road, sawijining dalan kang nuruti pinggir pasisir ing sisih wétan Geelong. Obyèk wisatané antarané:
    • Twelve Apostles, wujud formasi watu kasil saka erosi.
    • Loch Ard Gorge, dijupuk saka jeneng kapal kang kèrem ing kana, wujud kasil erosi uga.
    • London Arch, obyèek wisata iki biyèn kaloka kanthi jeneng London Bridge kang uga wujud kasil erosi.
    • Lorne lan Apollo Bay, kaloro kutha iki dumunung ing pasisir.
  • Ballarat kanthi atraksi Sovereign Hill, sawijining obyèk wisata wujud désa cilik kang nggambaraké jaman luru emas.
  • Bendigo
  • Pulau Phillip, panggonan kanggo ndeleng penguin saka cedhak.

Réferènsi

<Réferènsi/>

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.