From Wikipedia, the free encyclopedia
Meisya Najelina Siregar (lair ing Bandung, Jawa Barat, 13 April 1979; umur 45 taun) ya iku juru main filem kang asalé saka Indonésia.[1] Meisya Siregar miwiti kariré kanthi dadi modhél, sawisé iku banjur akting ing filem lan sinétron.[1] Meisya dadi anak wadon kang wuragil saka sadulur kang cacahé papat.[1] Meisya Siregar anak saka pasangan Marsitha Lubis lan Emir Syawal Siregar.[1] Wong tuwané khawatir yèn anaké dadi bocah tomboi, mbakyu lan ibune banjur daftaraké Meisya Siregar ing lomba-lomba adi busana.[1] Nalika isih sekolah ing Sekolah Dasar, Meisya Siregar kang duwé jeneng dawa Meisya Najelina Siregar iki wis mèlu akèh lomba.[1]
Biografi | |
---|---|
Nifas | 13 April 1979 (45 tahun ) Kutha Bandhung |
Agama | Islam |
Pendidikan (id) | Universitas Padjadjaran |
Kegiatan | |
Pakaryan | Aktor |
Wayah aktif | 1992 – |
Kulawarga | |
Pasangan nikah | Bebi Romeo |
Nalika remaja, ya iku ing taun 1992, Meisya Siregar njajal mèlu lomba pamilihan Top Guest Aneka Yess!.[1] Ing kompetisi iki Meisya banjur dadi Juara Berbakat 1992.[1] Setaun sawisé iku, wong wadon iki mèlu lomba kang mirib kaya iku manèh.[1] Meisya Siregar mèlu lomba lan éntuk Juara III GADIS Sampul nalika taun 1993.[1] Nalika menang iki akèh tawaran akting kang ngowahi uripé artis kelairan Bandung iki.[1]
Nalika isih sekolah ing SMU, anak wuragil saka papat sadulur iki ditawani kanggo main ing sinétron kang judhul Aladin.[1] Kajaba iku Meisya Siregar uga tau diajak penyanyi-penyanyi dadi modhél video klip ing lagu kang dinyanyékaké.[1] Meisya Siregar uga tau dadi bintang iklan kaya ta iklan Biore, Fuji Image Plaza lan biskuit Danone.[1]
Meisya Siregar lulus saka Universitas Padjadjaran.[1] Meisya Siregar tau main ing sinétron, wiwit saka sinétron komedi, drama, nganti kolosal.[1] Nanging Meisya Siregar ngandharaké yèn ora tau sinau mirunggan babagan akting utawa main filem, lan kabèh aktinge disinaoni kanthi otodidak.[1] Meisya Siregar uga duwé karep kanggo njajal aktingé ing layar lebar utawa biyoskup.[1]
Penghargaan kang tau diwénéhaké Meisya Siregar.[1]
Sawisé nikah karo Rudy Gusnaldi ing akir taun 2001, Meisya Siregar banjur cerai lan mbalik ing katresnané kang lawas ya iku Bebi Romeo. Meisya Siregar lan Bebi nikah tanggal 14 Dhésèmber 2005.[2] Meisya Siregar nduwé anak wadon kang jenengé Lyrics Syabila Mu Saqeena kang lair tanggal 25 Agustus 2005.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.