Mat Solar

From Wikipedia, the free encyclopedia

Mat Solar
Remove ads

Nasrullah kang kondhang kanthi jeneng Mat Solar (lair ing Pejompongan, Jakarta, Indonésia, 4 Dhésèmber 1962  pati ing Pondok Indah, Jakarta, Indonésia, 17 Maret 2025 ing umur 62 taun).[1] Mat Solar iku salah sijiné pemeran lan pelawak Indonesia.[1] Jeneng Mat Solar misuwur sawisé main ing sinétron komedi kang judhulé Bajaj Bajuri kang disiyaraké ing salah sijiné stasiun televisi swasta TransTV.[1]

Sunyata Rikat Lair, Jeneng liya ...
Remove ads

Jeneng Mat Solar iki dadi jejuluk Nasrullah nalika akting dadi tokoh Mat Solar ing teater Mama kang disiyaraké ing acara TVRI nalika taun 1978-1982.[1] Mat Solar iku anak kang kaping lima saka sadulur kang cacahé sanga.[1] Mat Solar iku anak saka pasangan H Muh Ali Sidik (alm) lan Hj Rosani.[1] Saka teater komedi Betawi iki, Nasrullah miwiti kariré nalika isih sekolah ing kelas II SMP.[1] Wiwitané nalika taun 1976 Teater Mama mung dadi panggonan kanggo ngalumpuk para remaja kang diundang ing acara pitulasan ing kampung utawa ing sekolah-sekolah.[1] Sawisé iku, teater iki dadi salah sijiné teater kang paling nakal awit kerep ngritik pamaréntah Orde Baru kang paling duwé kuwasa nalika iku.[1] Sawisé mandheg saka TVRI, Teater Mama diuripaké manèh nalika taun 1990.[1] Nanging amarga kurang ana tanggepan, teater iki banjur ora disiyaraké manèh.[1] Sawisé iku, Mat Solar banjur vakum saka donyanging hiburan, amarga aktif ing donyanging pulitik ing parpol.[1] Saliyané iku, Nasrullah uga main dadi pemeran pendukung ing sinétron-sinétron liyané kaya ta Senggal-Senggol (1996) di RCTI, Sorga Di Bawah Telapak Kaki Ibu (SCTV), Raja Sawer (Anteve), lan Luv (RCTI).[1] Saliyané iku, Mat Solar uga tau duwé kagiyatan ing Radio Suara Kejayaan (1986) lan dadi manajer produksi ing Bens Radio nalika taun 1990.[1]

Jeneng Mat Solar misuwur manèh nalika ing sinétron Bajaj Bajuri.[2] Ide sinétron iki tuwuh saka Hardi, Syarifuddin Jaluski, lan Nasrullah banjur nggawé sinétron kanthi tema bajaj.[2] Sadurungé dadi Bajaj Bajuri, judhul sinteron iki ya iku Bajaj Bang Mamat.[2]Bajuri iku jeneng tokoh kang diperanaké karo Nasrullah ing filme kang sepisanan kang judhulé Mendung Tak Selamanya Kelabu nalika taun 1982.[2]

Remove ads

Cathetan suku

Loading content...
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads