From Wikipedia, the free encyclopedia
Maria (Aram-Yahudi מרים Maryām "pait"; Basa Yunani Septuaginta Μαριαμ, Mariam, Μαρια, Maria; Basa Arab: Maryam, مريم) iku ibuné Yesus lan tunangan Yusuf[1] sajeroning Kekristenan lan Islam.
Bagéyan saka seri artikel ngenani Kakristenan | |
Dasar Alkitab: Ajaran: Gréja Kristen: Topik-Topik Ing Kakristenan: Ibadat Kristiani: Kapercayan sing kakait: |
Miturut sumber-sumber non-kanonik, wongtuwané asma Yoakim lan Hana. Sawijining téyori ngandhakaké yèn asma bapaké yaiku Heli, kang disebutaké sajeroning silsilah miturut Lukas. Maria, kang wektu iku siji perawan, weruh saka malaékat Gabriel, utusan Allah, yèn bakal ngandhut Yesus, anak saka Allah kang urip, liwat mukjizat saka Roh Suci.
Amarga Lukas 1:48 ("wiwit saiki kabèh katurunan bakal nyebut aku bahagia"), Maria akèh diagungaké ing kalangan wong Kristen, mligi ing lingkungan Gréja Katulik Roma lan Gréja Ortodoks. Umat Muslim uga ngurmati Maria. Babagan téyologi Kristen kang magepokan karan Mariologi. Pista kelairan Maria dipèngeti ing kalangan Gréja Ortodoks, Katulik Roma, lan Anglikan tanggal 8 September. Gréja Ortodoks lan Katulik Roma uga duwé akèh dina karaméan liyané kanggo ngurmati Maria.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.