Marcel Mauss (1872-1950) ya iku ahli filsafat lan sosiologi bekas muridé Durkheim.[1] Adeg-adeg dhasar Mauss ya iku intiné padha karo Durkheim. Nalika iku, antropologi padha karo sosiologi (ing Prancis sinebut Ethnologie) lan dadi kajuruan ing sosiologi ya iku sosiologi kang ngenani masarakat primitif. Dhèwéké uga nganut anggepan Durkheim, ya iku paham-paham kolektif kang ménéhi pameksa ing aktivitas-aktivitas manungsa ing bebrayan. Ana buku kang ditulis bareng karo Durkheim ya iku De Quelques Formes Primitives de Classifiation taun 1901-1902. Ing buku iku, Mauss lan Durkheim mbahas salah siji sipat kang karan alam pikiran primitif.[2] Miturut panemuné, alam pikiran primitif dhuwé ngèlmu kawruh lan kabutuhan pokok kanggo nglompokaké kabéh pangertiané lan paham kang ana ing sakupengé manungsa i ng golongan-golongan tartamtu.[1][2]

Sunyata Rikat Lair, Pati ...
Marcel Mauss
Lair(1872-05-10)10 Mèi 1872
Épinal, Vosges, Prancis
Pati10 Fèbruari 1950(1950-02-10) (umur 77)
Paris, Prancis
BangsaPrancis
Karièr ngèlmiah
BabaganSosiologi; Antropologi
MrabawaniÉmile Durkheim
KaprabawanClaude Lévi-Strauss
Keith Hart
Gayle Rubin
Georges Bataille
Tutup

Rujukan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.