From Wikipedia, the free encyclopedia
Layar punika salah satunggiling sandhangan panyigeging wanda ingkang dipun-ginakaken wonten ing aksara Jawi Hanacaraka. Sandhangan wau wujud tandha garis miring ing nginggil aksara, kapara radi melengkung katengen.
Angkah pamasangan sandhangan panyigeg layar punika supados aksara ingkang dipunpasangi sandhangan kalawau ungelipun lajeng dipunpungkasi kanthi ungel "r".
Contonipun: aksara "ga" dipunpasangi sandhangan panyigeg layar, ungelipun lajeng dados "gar".
Wonten ing salebeting baku Unicode versi 5.2 sandhangan layar punika wujud kodhe A982[1]
Sandhangan layar punika ing aksara Bali dipunwastani surang dipun-ginakaken ing suku tembung ingkang mawi pola KVK (konsonan-vokal-konsonan) sarta KKVK (konsonan-konsonan-vokal-konsonan), lan konsonan pungkasan wujud fonèm /r/. Conto suku tembung ingkang dipunmaksadaken inggh punika: sar, tar, swar, plar, lll.
Ing salebetipun aksara Bali, fonèm /r/ (Ra, Ra repa, guwung, surang) lan nasal /ɳ/ (Na rambat) sami-sami minangka wargi murdhania (konsonan retrofleks (tarik-belakang), sanadyan miturut fonologi saleresipun Ra minangka konsonan alveolar) ing aksara Bali. Pramila, wonten ing peraturan aksara Bali, manawi fonèm /r/ dipunlajengaken déning nasal /n/, kanthi otomatis fonèm /n/ kasebat dados /ɳ/.[2] Sacara prasaja, yèn sajeroning swiji tembung kakandhut surang (/r/), lan dipunlajengaken déning aksara Na kojong (/n/), aksara Na kojong kasebat owah dados Na rambat (/ɳ/). Conto tembung ingkang dipunmaksadaken inggih punika: warna, amarga, parna, lsp. Yèn disalin menyang aksara Bali, aksara n ing tembung-tembung kasebat dipunserat nganggé Na rambat.
Layar utawi surang saged dipunserat sisih-sisihan kaliyan pepet utawi ulu.Panulisanipun, pangangge swanten (pepet lan ulu) dipunru,iyinaken, lajeng dipunlajengaken layar utawi surang.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.