Koperasi ya iku organisasi kang otonom kang ana ing lingkungan sosial ékonomi.[1] Koperasi duwé sistem kang duwé ancas kang otonom.[1] Tujuwan iki digawé kanthi dhasar kasepakatan saben wong. Tujuwan iki diwujudaké kanthi anané aktivitas ékonomi kang ditindakaké kanthi bareng-bareng.[1] Ing UU taun 1992, koperasi didefinisiaké dadi badan usaha kang anggotané wong-wong utawa badan hukumhukum koperasi kang landhasan kagiyatané ya iku prinsip-prinsip koperasi lan obahan ékonomi rakyat kang dhasaré asas kekeluargaan.[1]

Prinsip koperasi

Prinsip koperasi ya iku sistem kang kasusun déning pamikiran-pamikiran abstrakabstrak kang didedukasi karo ahli-ahli koperasi saka pangalaman praktik kang wis dibuktékaké ing jaman dhisik kang dadi garis-garis panuntun kang paling cocog kanggo sapa waé kang kepéngin yasa koperasi kang éféktif lan bisa langgeng.[1] Ing Indonésia, prinsip koperasi kang wis ditulis ing UU No. 12 Taun 1967 lan UU No. 25 Taun 1992. Ing UU No. 25 Tahun 1992, prinsip koperasi ya iku[1]

  • Kaanggotaan kang asipat binuka lan sukalila
  • Pangelolaan kang dilakokaké kanthi dhémokratis
  • Pambageyan sisa hasil usaha utawa SHU kang dilakokaké kanthi adil lan sebanding karo gedhéné jasa usaha saben anggota.
  • Menenhi balas jasa kang winates tumrap modhal
  • Kamandirian
  • Pandhidhikan perkoperasian
  • Kerjasama karo kpperasi liyané

Kanthi kagiyatan rekomendasirekomendasi saka para ahli, ICA wis ngrembakakaké prinsip koperasi anyar lan ngilangaké prinsip-prinsip kang dikembangaké karo koperasi Rochdale.[2] Prinsip koperasi anyar kang dikembangaké ICA ya iku:[2]

  • Kaanggotaan kang asipat binuka lan sukalila
  • Pangelolaan kanthi cara dhémokratis
  • Partisipasi anggota sajeroning ékonomi
  • Kabebasan lan otonomi
  • Ngrembakakaké pendidikan, pelatihan, lan informasi

Cathetan suku

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.